Senin, 28 Maret 2016

WAYANG PURWÅ



WAYANG PURWÅ

Wayang dumadi såkå têmbung wod “yang/hyang” kang antuk atêr-atêr wa-. Déné têgêsé wayang yaiku roh kang dipêpudhi amargå pinêrcåyå roh kang biså gawé béjå-cilakané manungså. Wayang iku wêwayangan utåwå gêgambaran watak lan jiwané manungså. Wayang mujudaké pangéjawantah pribadi manungså.
            Wayang iku salah sijining wujud sêni pêrtunjukan kang ikon critané såkå : Ramayana, Mahabharata, utåwå Sêrat Ménak, sing akèh diwêruhi ånå ing Jåwå lan Bali. Sêni pêrtunjukan wayang iki diiringi déning gamêlan. Wayang wis diakoni déning UNESCO, yaiku kAryå  cipta kang éndah lan nyêngsêmaké såkå critané, wayangané, lan dadi warisan kang bangêt agungé. Pangêsahané ing tanggal 7 Novèmbêr 2003. Ing antarané jinising wayang yaiku :
1.        Wayang Purwå
Wayang purwå ugå kasêbut wayang kulit amargå digawé såkå kulit lêmbu/maéså/sapi. Sumbêring caritå såkå Ramahayana lan Mahabharata kanthi båså Jåwå Kunå ånå ing jaman Raja Jayabaya. Êmpu Sêdah lan Êmpu Panuluh sartå Êmpu Kanwa kuwi pujånggå kang misuwur ing jaman iku. Sunan Kalijågå salah sawijining walingåså (Dêmak, abab XV), yaiku priyayi kang ngriptå wayang såkå kulit lêmbu.
2.        Wayang Golèk
Wayang golèk ugå akèh wong sing ngarani wayang têngul. Wayang iki digawé såkå kayu lan diklambèni kayåtå manungså. Sumbêring caritå kajupuk såkå sêjarah kåyåtå critå Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, Bantên, Trunåjåyå, lan sapanungalané. Critå wayang iki ugå biså kajupuk såkå dongèng nêgårå Arab. Yèn péntas kang dadi ciri khasé wayang golèk, yaiku ora nganggo kêlir utåwå layar kåyåtå wayang kulit.
3.        Wayang Krucil
Wayang krucil utåwå wayang klitik, yaiku wayang kang digawé såkå kayu, kang wujudé pådhå karo wayang kulit. Wayang iki nduwèni ciri khas, yaiku yèn diatanggap ora nganggo gêdhêbog tancêpané nanging nganggo kayu kang wus dibolong-bolongi, caritå kang kêrêp ditanggêp, yaiku nyaritakaké Damarwulan lan Måjåpait.
4.        Wayang Bèbèr
Wayang bèbèr, yaiku wayang kang digawé såkå kain utåwå kulit lêmbu kang awujud bèbèran (lêmbaran). Sabên bèbèran kuwi nggambaraké saadêgan caritå. Yèn wis rampung dilakokaké, bèbèrané digulung manèh. Wayang iki digawé jaman krajaan Måjåpait. Wayang iki asalé såkå Pacitan lan Gunung Kidul. Wayang iki digawé kanthi kuwat ing bab rong dimensin-é kanthi sêni lukis ing kanvas. Wong-wong kang nglêstarèkaké wayang iki, yaiku : Musyafiq kanthi nggawé wayang bèbèr kang narasiné parågå-parågå wayang, Suhartono kanthi luwih nyiptakaké figur wayang kang coraké dekoratif lan ornamentik, Agus Nuryanto nggawé wayang bèbèr kanthi såkå wujud wayang purwå banjur diabstraksi såkå realitas uripé manungså ing sabên dinané.
5.        Wayang Gêdog
Wayang iki wujudé mèh pådhå karo wayang kulit. Kang digawé kurang luwih taun 1400-an. Sumbêring caritå såkå caritå råjå ing Jåwå, antarané Bantên, Singåsari, Mataram, Kêdiri, lan sapanunggalané. Wayang iki mung biså ditêmokaké ana museum.
6.        Wayang Suluh
Wayang suluh iki kalêbu wayang moderen, kang digawé såkå kulit nanging wujudé manungså jaman saiki sandhangané kåyåtå nganggo rok, clånå, klambi, lan sapanunggalané. Wayang iki nduwèni tujuan/maksud pencerah masarakat. Sumbêring caritå, yaiku perjuangan rakyat Indonésia mêrangi pênjajah.
7.        Wayang Titi
Wayang titi, yaiku wayang såkå lan sumbêring caritå såkå nêgårå Cinå. Wayang iki biså ditingali ånå tanggapan ing kampung Cinå utåwå klêntèng.
8.        Wayang Madyå
Wayang madyå diciptakaké déning K.G. Mangkunêgårå IV ing awal taun XVII. Sumbêring caritå såkå caritå Pandhåwå sawisé pêrang Baråtåyudå, kåyåtå Prabu Parikêsit.
9.        Wayang Wahyu
Wayang wahyu ugå disêbut “wayang bibêl” iki diciptaké déning Bruder Temotheos kanggo nyiaraké agåmå Kristên.
10.    Wayang Wong
Wayang wong, yaiku wayang kang diparagaké wong kang ånå gêrakan tariné. Sumbêring caritå såkå Ramayana lan Mahabarata. Paguyupan kang misuwur kanthi pagêlaran wayang iki yaiku Ngêsti Pandhåwå (Sêmarang), lan Sriwêdari (Suråkårtå).
11.    Wayang Potèhi
Wayang kang awujud bonéka cilik-cilik. Critané mångså jaman kraton Tar-tar utåwå Babad Cinå. Thio Tiong Gie yaiku salah sawijining dhalang wayang potèhi ing Sêmarang Têngah kang mangggon ing Déså Pêsantrèn, Kêlurahan Purwodinatan. Dhéwéké nduwèni prinsip pariabasan Cinå Tiongkok kang dadi sêmangaté kanggo nglêstarikaké wayang potèhi iki yaiku: “Tak ada kuda, sapi pun bisa ditunggangi.”
12.    Wayang Ménak
Wayang såkå kayu kang digawé pêrsis (kawangun) wong. Critané yaiku bab dakwah Islam kåyåtå : Wong Agung Jayèngrana, Imaryånå, lan Umarpadi.
13.    Wayang Jêmblung
Wayang såkå kayu kang digawé pêrsis (kawangun) wong. Wayang iki sumêbar ånå ing daérah pêsisir lor, Blora, lan Cêpu. Critané bab Cacad kåyå kêthoprak.
14.    Wayang Kancil
Wayang iki ugå diarani “Wayang Dupårå”. Wayang sing digawé såkå lulang. Critané sèriné Kancil.
15.    Wayang Dhongèng
Wayang kang digawé såkå dluwang kang digambari wayang awujud kéwan-kéwan. Wayang iki nyritakaké bab donyané kéwan kang dadi sarånå refleksi såkå donyané manungså. Ånå wayang iki disarujuki ora ånå sing dadi dhalang kang lumrahé tunggal dadi sakabèhing parågå ånå wayang. Banjur såpå waé biså dadi dhalang, kang biså prasåjå gunêmané.
16.    Wayang Doa
Wayang iki klêbu wayang kreasi anyar sing digawé déning Riyono alumi ISI Yogyakarta. Wayang iki digawé awit taun 1990. Sanyatané wayang iki såkå akronimé Dongèng-dongèng Anak banjur dadi Doa. Sakabèhané wayang kang dadi lakon satriyå kuwi nganggo sorban. Nganti têkan taun 2009 Riyono wis nggawé wayang iki nganti sêwidak wujud iji.
Yèn didêlêng kanthi prasåjå, lakon wayang kapérang dadi loro: pakêm lan carangan.
1.        Pakêm
            Lakon pakêm dijupuk såkå critå-critå kang ånå ing kitab-kitab kunå, kåyåtå: Kakawin Mahabharata, Kakawin Ramayana, Puståkå Råjå Purwå, lan Purwåkåndhå. Ing antarané critå-critå pakêm iku:
a.         Balé Sigala-gala.                                                 
b.         Pandhåwå Dhadhu.
c.         Bharatayudha.
d.        Råmå Gandrung.
e.         Subali Lénå.
f.          Anoman Dhutå.
2.        Lakon Carangan
            Lakon carangan iku njupuk såkå critå pakêm kang dikanthêni tambahan critå liyané. Såkå critå carangan iki banjur akèh gagrag-gagrag kang tansah bédå. Parågå-parågå ing wayang ugå dadi tambah akèh. Nanging ånå kalané gawé bingung, amargå biså waé lakoné pådhå nanging critané dadi bédå. Critå-critå carangan iku ing antarané:
Ø  Babad Alas Mêrtani
Ø  Partåkråmå
Ø  Aji Nåråntåkå
Ø  Abimanyu Lahir
Ø  Pêksi Déwåtå
Ø  Gambiranom
Ø  Sêmar Mantu
Ø  Bambang Sitijåyå
Ø  Aswåtåmå Maling
Ø  Thongthongborong
Ø  Srikandhi Mandung
Ø  Dånåsalirå
Ø  Lairé Pandhu
Ø  Lairé Dåsåmukå
Ø  Lairé Indrajit
Ø  Bêdhah Lokåpålå
Ø  Tutugipun Lampahan Wilugånggå
Ø  Gathotkåcå Gandrung
Ø  Antasénå Rabi
Ø  Ugråsénå Tåpå
Ø  Sêmbadrå Larung
Ø  Krêsnå Kêmbang
Ø  Narayånå Maling Putri
Ø  Sri Boyong
Ø  Bandung Någå Séwu
Ø  Pandhåwå Manêgês
Ø  Sêmar Manêgês
Ø  Partå Déwå
Ø  Wahyu Topèng Wåjå
Ø  Wahyu Widayat
Ø  Sêmar Kuning
Ø  Råmå Tambak
Ø  Anoman Swargå
Ø  Déwå Ruci
Ø  Bimå Bungkus
Ø  Gatutkåcå Sungging
Ø  Sudåmålå
Ø  Sumantri Ngèngèr
Ø  Wahyu Makuthåråmå

Saliyané lakon pakêm lan carangan, ugå ånå lakon sêmpalan lan banjaran. Lakon iki wus ngalami owah-owahan amargå manut ubahing jaman.
1.        Sêmpalan
Lakon sêmpalan iku lakon sing wis dadi lakon gubahan, bédå karo asliné amargå disaluyokaké déning gagrag anyar kåyå lakon-lakon wayang mbêling utåwå lakoné anggitané Ki Harsono Siswocarito:
a.       Nurkålå Kalimåntrå Gawé Gègèr Surålåyå.
b.      Prof. Dr. Bimåtånåyåtåtwå.
c.       Gitådårmå Dr. Mintårågå.
2.        Banjaran
Lakon banjaran iku sawijining lakon wayang purwå sing nyaritakaké lêlakuning parågå (tokoh) wayang wiwit lair nganti sédå (kåyå biografi sing kagawé balada). Lakon Banjaran dikênalaké déning Alm. Ki Nartosabdo. Sanadyan lakon iku dåwå lan ginêlar sawêngi natas, ananging ora ngilangi bakuning pagêlaran wayang purwå. Kawiwitan såkå talu, jêjêr I, kaputrèn, limbukan, bodholan, pêrang gagal, jêjêr II, pêrang kêmbang, gårå-gårå, jêjêr III, pêrang bubruh nganti tancêp kayon.
a.       Banjaran Karnå
b.      Banjaran Abimanyu
c.       Banjaran Gathutkåcå
d.      Nåråsomå (Banjaran Salyå)
e.       Banjaran Karnå
f.       Banjaran Bismå

A.      Kawruh Padhalangan
Pêdhalangan yaiku têtêmbungan utåwå bab kang magêpokan karo critå wayang.
Kåyåtå :
åntåwécånå
:
kêdaling swårå siji-siji ning wayang sing diucapaké dhalang.
bléncong
:
lampu kanggo madhangi kêlir/layar lan wayang.
cêmpålå
:
kayu måwå pênthol kanggo nggêdhong kothak.
dhalang
:
wong kang nglakokaké critå wayang.
gamêlan
:
piranti kang ditabuh kanggo ngiringi critå wayang.
gårå-gårå
:
pérangané critå wayang mêtuné punakawan (Sêmar, Garèng, Pètruk, Bagong).
gérong/wiråswårå
:
wong lanang sing nêmbang sinambi nabuh gamêlan.
gunungan
:
wayang awujud gunung, dilakokaké nalikå wiwit, nganti adêgan lan pagêlaran pungkasan.
janturan
:
nyåndrå, nggambaraké wataking wayang utåwå kahanan.
jêjêr
:
madêg critå, nggambaraké bab sing bakal dicritakaké.
kêlir/layar
:
lawon putih kanggo mbabar critå wayang.
kêprak
:
wêsi blébékan, diunèkaké ing sikiling dhalang nalikå wayang.
niyågå
:
tukang/wong sing nabuh gamêlan.
parwå
:
péranganing Mahabarata kang cacahé ånå 18 critå.
pêrang brubuh
:
pêrang pungkasan antrané satriyå lan rasêkså, sirnaning angkårå.

B.       Wêwatakaning Wayang
Abimanyu
wataké
alus, sarèh micarané, sênêng ngalah.
Arjunå=Janåkå
wataké
micårå, grapyak, alus, solah bawané sarèh.
Anoman
wataké
trênggginas solahé, wibåwå, galak, sugih akal.
Bålådéwå
wataké
brangasan, wani, kêndêl tumindak.
Banowati
wataké
trênggginas, wicarané judhas, golèk mênangé dhéwé.
Cakil
wataké
julig, galak, sorå wicarané kasar lan nylêkit, solah bawané kurang dêdugå.
Dåsåmukå
wataké
julig, galak, sorå wicarané, angkårå murkå.
Durnå
wataké
pintêr omong, micårå nylêkit, julig.
Duryudånå
wataké
anggak, galak, angkårå, akèh wicårå.
Gathutkåcå
wataké
wani, trampil, kêncêng wicarané.
Karnå
wataké
ladak, nêpson, kêndêl, bantêr wicarané.
Kumbåkarnå
wataké
ngalah, alon wicarané.
Krêsnå = Wisnu
wataké
wicaksånå, wibåwå, ladak, akèh wicarané.
Laksåmånå = Lêsmånå
wataké
akèh wicarané, bêrbudi luhur.
Nakulå Sadéwå
wataké
akèh wicarané, grapyak, kêndêl.
Puntådéwå = Yudistirå
wataké
wicaksånå, sabar, alus, bêrbudi luhur.
Råmå Wijåyå
wataké
wicaksånå, sabar, alus, bêrbudi luhur.
Sêmar = Bathårå Ismåyå
wataké
wicaksånå, sabar, ngêmong.
Sêmbådrå
wataké
alus, wicarané, ruruh pasêmoné.
Srikandhi
wataké
trêngginas, mbranyak pasêmoné, akèh wicarané.
Sumantri
wataké
mrêbawani, sumanak, kêndêl.
Wêrkudårå
wataké
ora sabaran, wicarané sêro, nêpson, ora gêlêm ngalah, brantak.

C.      Araning Aji-aji, Jimat
Bålå Sréwu
:
Prabu Salyå
Blabag Pangantol-antol
:
Radèn Wêrkudårå
Bråjådhéntå
:
Radèn Gathutkåcå
Bråjåmusti
:
Radèn Gathutkåcå
Cåndråbiråwå
:
Prabu Salyå
Gêdhongméngå
:
Kumbåkarnå
Gêlapsakêthi
:
Kumbåkarnå
Jamus Kalimåsådå
:
Prabu Yudhistirå (Puntådéwå)
Kåcå Paèsan
:
Prabu Krêsnå
Kêmbang Wijåyåkusumå
:
Prabu Krêsnå
Kotang Åntråkusumå
:
Radèn Gathutkåcå
Mundri
:
Anoman
Narantåkå
:
Radèn Gathutkåcå
Pancåsonå
:
Prabu Dåsåmukå (Rahwånå)
Séipi Angin
:
Radèn Janåkå, Anoman
Ungkal Bênêr
:
Radèn Wêrkudårå


D.      Dayaning Aji-aji, Jimat
Aji-aji iku bangsané måntrå, dongå manåwå diucapaké biså ngêtokaké dåyå kaluwihan.
Bålå Srèwu/Tri Wikråmå
:
malih butå gêdhéné sagunung.
Blabag Pangantol-antol
:
ora pasah ing gêgaman.
Cåndrå Biråwå
:
malih butå akèh bangêt.
Gêlap Sakêthi
:
swarané sorå kåyå blêdèg, kanggo nggêthak musuh.
Jamus Kalimåsådå
:
biså gawé têntrêm.
Kåcå Paésan
:
biså ndêlêng samubarang kang adoh, ilang.
Kêmbang Wijåyåkusumå
:
nambani lårå, nguripaké wong mati sing durung mangsané.
Kotang Åntråkusumå
:
biså mabur.
Lêbur Sakêthi
:
åpå kang digarang lêbur dadi awu.
Mundri
:
boboté dadi têkêl séwu.
Narantåkå
:
åpå kang digrayang lêbur dadi awu.
Påncåsonå
:
yèn mati, ngambah lêmah biså urip manèh.
Pêngasihan

ditrêsnani såpå waé.
Panglimunan

biså ngilang.
Séipi Angin
:
biså mlayu kåyå angin.
Sirêp Bégånåndå
:
biså ngilang.

E.       Araning Gêgaman
Arjunå/Janåkå
gêgaman
Panah Pasopati, Panah Sarotåmå, Kêris Kålånadhah, Kêris Pulanggêni, Kêris Ardhådhêdhali, Aryå Sangkali.
Bålådéwå
gêgaman
Gådå Alugårå, Tumbak Nanggålå.
Basukarnå
gêgaman
Pêdhang Cåndråså.
Déwåbråtå
gêgaman
Kêris Salukat.
Durnå
gêgaman
Kêris Cundhamanik.
Dursåsånå
gêgaman
Kêris Barlå.
Gathutkåcå
gêgaman
Caping Basunåndå, Kutang Åntåkusumå.
Indrajid
gêgaman
Panah Nåpå Påså, Nårå Cåbålå.
Jåyådråtå
gêgaman
Gådå Rujak Bêling.
Krêsnå
gêgaman
Sênjåtå Cakrå.
Lêsmånå
gêgaman
Kêris Surå Wijåyå.
Råmåwijåyå
gêgaman
Kêris Guwå Wijåyå.
Sêtyaki
gêgaman
Gådå Wêsi Kuning.
Wêrkudårå
gêgaman
Gådå Rujak Pålå, Kuku Påncånåkå, Bågåwastrå.

F.       Pandhitå lan Pêrtapan
Bêgawan Abiyåså
ing
Saptåargå
Bêgawan Ciptahêning
ing
Mintårågå
Bêgawan Mintårågå
ing
Indrakila
Bêgawan Padmånåbå
ing
Argåsonyå
Bêgawan Sidikwåsånå
ing
Andongsumawi
Pandhitå Durnå
ing
Sokålimå
Rêsi Anoman
ing
Kêndhalisådå
Rêsi Bismå
ing
Talkåndhå
Rêsi Pålåsårå
ing
Wukir Ratowu
Rêsi Subali
ing
Guwå Kiskêndhå

G.      Ratu lan Nêgarané
Ratu nduwèni sêsêbutan Prabu utåwå Sang Prabu, Aji, Råjå lan sapanunggalané.
Abiyåså
ratu ing
Ngastinå
Arjunå Sasrabahu
ratu ing
Maèspati
Bålådéwå
ratu ing
Mandurå
Basukarnå (Karnå)
ratu ing
Ngawånggå
Basudéwå
ratu ing
Mandurå
Bomånåråkasurå
ratu ing
Trajutrisnå
Dånåråjå
ratu ing
Lokåpålå
Dåsåmukå
ratu ing
Ngalêngkå
Dåsåråtå
ratu ing
Ngayodyå
Déwå Srani
ratu ing
Rancang Kêncånå
Drupådå
ratu ing
Cêmpålå Radyå
Duryudånå
ratu ing
Ngastinå
Janåkå
ratu ing
Manthili
Jungkur Mardéyå
ratu ing
Paranggubårjå
Karnå
ratu ing
Ngawanggå
Krêsnå
ratu ing
Dwåråwati
Matswåpati
ratu ing
Ngawanggå
Niwåtåkawåcå
ratu ing
Imå Imantåkå
Palgunadi
ratu ing
Paranggêlung
Pandhu Déwånåtå
ratu ing
Ngastinå
Parikêsit
ratu ing
Ngastinå
Puntadéwå
ratu ing
Ngamartå
Råmåwijåyå
ratu ing
Påncåwati
Salyå
ratu ing
Mandåråkå
Sêntanu
ratu ing
Ngastinå
Sugriwå
ratu ing
Guwåkiskêndhå
Sutéjå
ratu ing
Trajutrisnå
Suyudånå
ratu ing
Ngastinå
Somali
ratu ing
Palêbur Gångså

H.      Satriyå lan Kasatriyåné
Satriyå nduwé sêsêbutan Radèn, Rahadyan.
Abimanyu
satriyå ing
Plångkåwati
Åntårêjå
satriyå ing
Jangkarbumi
Åntåsénå
satriyå ing
Saptå Barunå
Arjunå
satriyå ing
Madukårå
Aswåtåmå
satriyå ing
Sokålimå
Bimåsénå
satriyå ing
Jodhipati
Bambang Priyambådå
satriyå ing
Dêdêr Pênyu
Drêstå Jumênå
satriyå ing
Cêmpålå Radyå
Dursåsånå
satriyå ing
Banjar Jumput
Gathutkåcå
satriyå ing
Pringgodani
Gunawan Wibisånå
satriyå ing
Singgêlapurå
Janåkå
satriyå ing
Madukårå
Jåyådråtå
satriyå ing
Bånåkêling
Kakråsånå
satriyå ing
Widhårå Kandhang
Kumbåkarnå
satriyå ing
Panglêbur Gångså
Lêsmånå Måndrå Kumårå
satriyå ing
Sarojå Binangun
Nakulå
satriyå ing
Bumi Rêtawu
Nåråyånå
satriyå ing
Widrå Kandhang
Sadéwå
satriyå ing
Sawojajar
Såmbå
satriyå ing
Parang Garudhå
Sêtyaki
satriyå ing
Tambak Mas
Sêngkuni/Suman
satriyå ing
Plåsåjênar
Sumantri
satriyå ing
Jatisårå (Maèspati)
Wêrkudårå
satriyå ing
Jodhipati
Wisanggêni
satriyå ing
Dursilå Gêni

I.         Abdi Kinasih
Bêgawan Abiyåså
:
Cantrik Jånålokå
Pandhåwå
:
Punakawan (Sêmar, Garèng, Pétruk, Bagong)
Suyudånå (Kuråwå)
:
Cangik, Limbuk
ratu Sabrang
:
Togog Mbilung

J.    DÉWÅ LAN KAHYANGANÉ
Bathårå Éndrå
ing kahyangan
Éndrå Lokå
Bathårå Bråmå
ing kahyangan
Argå Dahånå
Bathårå Kåmåjåyå
ing kahyangan
Cåkrå Kêmbang
Bathårå Wisnu
ing kahyangan
Arilokå
Bathårå Yåmå
ing kahyangan
Yomani Lokå
Bathari Durgå
ing kahyangan
Sétrå Gåndå Mayit
Sang Hyang Åntåbogå
ing kahyangan
Såptå Pråtålå
Sang Hyang Bathårå Guru
ing kahyangan
Junggring Salokå
Sang Hyang Någåråjå
ing kahyangan
Sumur Jålåtundhå
Sang Hyang Wênang
ing kahyangan
Ngandar-andir Båwånå

K. DÅSÅNÅMÅ JÊNÊNG ING PAWAYANGAN
Abimanyu
:
Pangaribåwå, Bambang Pêngalasan, Ångkå Wijåyå, Partå Tånåyå, Palgunå Putrå, Tanjung Anom, Satriyå Plangkåwati.
Anoman
:
Anjani Putrå, Kapiwårå, Pêwåndåpingul, Wånå Sétå, Sênggånå, Råmå Handåyåpati.
Bathårå Guru
:
Girinåtå, Sang Hyang Jagad Nåtå, Pukulun Pramésthi, Ciwå Måhå Déwå.
Dåsåmukå
:
Rahwånå
Duryudånå
:
Kurupati, Suyudånå, Dastrådmåjå, Gêndari Sutå, Jåkåpitånå, Tri Panangsah, Pambangun Kuru, Kuréndrå Pati.
Gathutkåcå
:
Purbåyå, Kåcå Nêgårå, Têtukå, Kêrincing Wêsi, Bimå Sutå, Rimbat Måjå, Arimbi Putrå.
Krêsnå
:
Nåyårånå, Padmånåbå, Wrêniwirå, Ari Murti, Wisnu Murti, Wasu Déwå Putrå, Nåråsingå.
Puntådéwå
:
Yudhistirå, Wijåkångkå, Gunåtali, Kråmå, Åjåtå Satru.
Radèn Janåkå
:
Arjunå, Prêmadi, Margånå, Pamadyå, Dananjåyå, Mintårågå, Ciptahêning, Prabu Kariti, Kêndhitatnålå, Palgunå, Kombang Ali-Ali, Jlamprong, Éndrå Putrå, Éndrå Tanåyå, Wijånarka.
Radèn Wêrkudårå
:
Bayu Sétå, Bayu Putrå, Aryå Panênggak, Bråtåsénå, Bimå, Jagal Bilåwå, Wijåsénå.
Sêmar
:
Ismåyå, Bådrånåyå, Nayantåkå, Sukmå Sêjati, Sukmå Ékålåyå.

L.  SÅRÅSILAH TURUNANING BARÅTÅ
Prabu Sêntanu        + Déwi Gangga, pêputrå radèn Déwåbråtå (Rêsi Bismå)
Rêsi Pålåsårå          + Durgandini, pêputrå Abiyåså
Prabu Sêntanu        + Durgandini, pêputrå Citrågådå + Wicitråwiryå


   

Tidak ada komentar:

Posting Komentar