Senin, 28 Maret 2016

GUGON TUHON



GUGON TUHON

Gugon Tuhon
Gugun tuhon såkå têmbung gugu lan tuhu, mulå banjur ditêgêsi pêrcåyå utåwå nggungu marang sawênèhing bab/prakårå kang ora tinêmu nalar. Tumrap kang pêrcåyå bakal duwé råså was sumêlang manåwå ora nyémbadani utåwå ora nindakaké prakårå kuwi.
Gugon tuhon digolongaké dadi 3:
a.    Gugon Tuhon kang Salugu
Kang kalêbu golongan iki yaiku bocah/wong kang dadi pangané bêthårå kålå yaiku bocah sukêrtå. Manut kapêrcayan bocah iki biså waluyå lan lêstari uripé, kudu diruwat sarånå ditanggapaké wayang lakon Amurwå Kålå. Sukêr = rêgêd, diruwat têgêsé diilangi rêrêgêdé.
Kang kagolong bocah sukêrtå :
1)      Anggånå                       : anak akèh, uripé mung siji
2)      Cukil dulit                    : anak 3 lanang kabèh
3)      Dhampit                       : bocah lahiré barêng lanang lan wadon
4)      Géndhong                    : anak akèh, wadon ing têngah
5)      Gilir kacang                  : anak akèh giliran lanang wadon
6)      Grèndhèl                      : anak lanang akèh, sing pungkasané wadon
7)      Gotong mayit               : anak 3 wadon kabèh
8)      Opil-ipil                        : anak 5 lanang 1
9)      Jêmpinå                        : bocah lair durung mangsané
10)  Julung caplok/sarab      : bocah lahir wayah surup (srêngéngé angslup)
11)  Julung kêmbang           : bocah lahir wayah plêthèké srêngéngé.
12)  Julung sungsang           : bocah lahir wayah bêdhug (têngah awan)
13)  Kalung usus                  : bocah lahir pusêré ngubêd gulu
14)  Kêdhånå-kêdhini          : anak 2 lanang wadon
15)  Kêdhini-kêdhånå          : anak 2 wadon lanang
16)  Kêmbar                         : bocah lairé barêng luwih såkå 1, lanang utåwå wadon
17)  Kêmbang sêpasang       : anak 2 wadon kabèh
18)  Konduran                     : bocah lair nanging ibuné mati
19)  Margånå                       : bocah lairé ing têngah dalan/sajroning lêlungan
20)  Ontang-anting              : anak 1 lanang
21)  Påncågati                      : anak 5 wadon kabèh
22)  Pathok                          : anak wadon akèh, sing têngah lanang
23)  Saråmbå                        : anak 4 lanang kabèh
24)  Sarimbi                         : anak 4 wadon kabèh
25)  Unting-unting               : anak 1 wadon
26)  Wahånå                                    : bocah lair ing têngah pasamuan
Kajåbå bocah sukêrtå ånå manèh kang kalêbu gugon tuhon salugu:
1)      Wong lanang kang mutungaké pasangan.
Nalikå ngolah lêmah pasangané luku utåwå garu putung.
2)      Wong lanang kang gawé omah durung nganti rampung ambruk utåwå omah bubrah.

b.   Gugon Tuhon kang Isi Wasitå Sinandhi (Pitutur)
Wasitå sinandhi iku atêgês pitutur kang ora dilahiraké kanthi mèlok/cêthå nanging mung dikanthêni têmbung ora ilok.
Tuladhané :
1)      Åjå ngidoni sumur, mundhak suwing lambéné.
Karêpé  : manåwå sumur kênå idu bakal rêgêd, åpå manèh yèn duwé lêlårå nular.
2)      Åjå lungguh bantal, mundhak wudunên.
Karêpé : bantal iku mapané ånå sirah, manåwå dilungguhi saru, ora prayogå.
3)      Anjangkar, kuwalat.
Karêpé : ngundang wong tuwané kanthi nyêbut jênêngé, mêsthi waé ora bêcik.
4)      Durung mantu wis gawé omah, ora ilok.
Wong durung mantu têgêsé isih ênom, durung akèh pêngalamané.
5)      Kêkudhung kukusan, ora ilok.
Kukusan iku kanggo adang, manåwå diênggo kêkudhung biså rêgêd.
6)      Kurêp ajang, ora ilok.
Rampung mangan ajangé kudu dikumbah, ora kênå banjur dikurêpaké.
7)      Kandhang omah, ora ilok.
Manåwå omah iyå kanggo kandhang kajåbå ora rêsik, sukêr ugå kurang prayogå manåwå pinuju ånå tamu.
8)      Lungguh ngarêp lawang.
Lawang iku kanggo liwat, ora prayogå kanggo lêlunguhan, åpå manèh wanitå saru disawang.
9)      Mangan karo ngadêg, wêtêngé dadi dåwå.
Manut tåtåcårå kang sampurnå mangan kudu lungguh sing bêcik lan manut tåtå kramaning mangan (ora kênå nywårå anggoné nyêkêl séndhok bênêr).
10)  Mangan ing paturon, mångkå ora lårå, ora ilok.
Mangan ing paturonaning turu biså njalari rêgêting pêturon.
11)  Ngêndhêgaké uwuh, ora ilok.
Manåwå nyambut gawé iku pragoyané rampung pisan, åjå tinggal kokoh.
12)  Nyapu bêngi, ora ilok.
Kajåbå ora rêsik, blêdugé biså ngrêgêdi pêturon utåwå panganan.
13)  Wanitå lungguh jégang, ora ilok.
Sanadyan priyå didêlêng ora prayogå, åpå manèh wanitå ugå murang tåtå.
14)  Wèwèh dijaluk bali, guluné gondhokên.
Wong wèwèh iku kudu rilå lair batin, yèn dijaluk biså gawé gêlå.

c.       Gugon Tuhon kang Kalêbu Wêwalêr/Larangan
Wêwalêr utåwå larangan atêgês bab sing ora kênå ditindakaké, asal-usul såkå pangandikané lêluhur kang tau ngalami cilåkå (apês), banjur mènèhi wêwalêr marang anak putuné supåyå ora nindakaké bab kasêbut.
Tuladhané :
1)      Têdhak turuné Panêmbahan Sénåpati, ora kênå nitih kudå bathilan (jaran sing buntuté dikêthok).
2)      Wong Banyumas ora kênå lêlungan dinå Sêtu Pahing.
3)      Wong Kudus sing manggon sawétan kali ora kênå bêbésan karo sing mapan sakulon kali.
4)      Wong Bagêlèn ora kênå nganggo jarit gadhung mlati lan sapanunggalané.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar