LAYANG
Wong sambung gunêm (komunikasi) biså kanthi lisan ugå biså kanthi
tulisan déné sambung sarånå tinulis diarani layang. Manåwå wong lagi gunêman
(micårå) kudu éling marang sad gunå wicårå (sad = nênêm, gunå = prakårå; bab,
wicårå = gunêman). Sad gunå wicårå atêgês ênêm prakårå sing kudu digatèkaké
manåwå lagi gunêman karo wong liyå.
Wujudé sad gunå wicårå :
1. Såpå
sing gunêman.
2. Såpå
sing diajak gunêman.
3. Panggonan
kang kanggo gunêman.
4. Wêktu
lan kahanan nalikå gunêman.
5. Piranti
sing kanggo gunêman (layang, télépon, lan sapanunggalané).
6. Ancasing
gunêman.
Sad gunå wicårå iku duwé ancas
amrih bêciking pirêmbugan, kajåbå iki ugå kudu ngèlingi båså sing kudu
digunakaké miturut unggah-ungguhé.
A.
Wujud
Layang
Miturut wujudé layang
Jåwå yaiku :
1. Layang
ulêm (undhangan)
2. Layang
kitir (telegram)
3. Layang
lêlayu (kematian)
4. Layang
ibêr-ibêr (kiriman pribadi)
5. Layang
dhawuh (surat perintah)
6. Layang
payuran (surat panyuwunan/permohonan)
Katrangan:
1.
Layang
Ulêm (Undhangan)
Layang ulêm isiné
pangundhang wong sing arêp duwé gawé lumrahé wong sing ngundang lagi nêmu råså
kêbungahan. Wong sing diulêmi supåyå rawuh ing wêktu lan papan sing wis
ditêntokaké. Layang ulêm umpamané ulêm mantu, supitan, syukuran, tanggap wacånå
(ulang tahun), lan sapanunggalané.
Tuladhané layang ulêm
mantu :
Ingkang taklim.
Nuwun wiyosipun, kulå ngaturi uningå
dhatêng panjênêngan bilih :
Dintên :
Minggu Wagé
Titimångså : 2 April 2010
Wêkdal :
pukul 10.00 WIB
Papan :Balai
Shinta Mandala Bhakti Wanitatama
Kulå
badhé mahargyå anak kulå.
Astuti
(Bp. Budi
Harsono, Ibu Rani Yogyakarta)
Dhaup kaliyan
Basuki
(Adi Darma, Ibu
Rahayu Surabaya)
Ingkang mênikå mawantu-wantu, panyuwun
kulå mugi panjênêngan sêkalian kêrså rawuh hangêstrèni anak kulå kêkalih.
Ing wasånå sangêt ing pangajêng-ajêng kulå
mênggah rawuh panjênêngan sêkalian.
Yogyakarta,
25 Marêt 2010
Taklim
kula
Budi
Harsono
2.
Layang
Kitir (Telegram)
Layang kitir isiné
ringkês, cêkak aos åpå prêluné waé.
Tuladhané layang kitir
:
Katur :
Mas satriya
Ing Ngayogyåkartå
Wiyosé, aku ngaturi kabar manåw simbah
gêrah, saiki mondhok ing RS Sarjito. Mulå aku nganti-anti rawuh panjênêngan.
Nuwun
Klatèn.
14 April 2010
Rayi
Tri Rukmini
3.
Layang
Lêlayu (Kematian)
Layang lêlayu isiné
lêlayu utåwå kêmatian.
Tuladhané :
Lêlayu
Ngaturi pirså, bilih dintên Minggu Pon
tanggal 20 Mèi 2010 watawis jam 23.00 utawi jam 11 dalu. Ibu Sarmin sampun
kapundhut wangsul ing pêngayunaning Ållåh SWT. kaparingan yuswå 87 taun, layon
Condongcatur Dépok Slêman wanci jam 13.00. Nuwun
Ingkang
nandhang dhuhkitå
Suhardi sakulåwårgå
4.
Layang
Ibêr-Ibêr (Kiriman Pribadi)
Layang iber-iber isine
awujud kabar pribadi, sing diandharake bisa apa wae.
a. Peranganing
layang (Bageyan Layang)
Peranganing layang
iber-iber kang ganep :
1) Adangiyah/adawiyah
(unggah-ungguhing layang)
Tuladha :
SalamTaklim : tumrap
sapadha-padha, sing luwih enom.
Ingkang
Sembah Sungkem : tumrap wong tua,
para leluhur.
Ingkang
Sungkem Pangabekti : tumrap wong tuwanne
(sing kudu dibekteni)
Salam
Pandonga, Pandongaku : wong tuwa marang
wong enom, putrane.
Sembah
Sujud : kawula
marang pepundhenne, ratu gustine.
2) Pambuka/bebuka
Isine : kabar
kaslametan lan pandonga marang sing dikirimi layang.
3) Isi
(surasaning layang)
4) Panutup
Isine : sing kirim
layang duwe pangarep-arep, supaya sing dikirimi aweh pangapura yen ana
kaluputane utawa atur sing kurang prayoga utawa kurang nuju prana.
5) Papan
lan Titimangsa
Papan tegese ing ngendi
panggawene layang, titit mangsa ateges wayah, tanggal sasi, lan taun
pangggawene layang.
6) Paprenahan
Tegese sing kirim
layang iku kaprenah apa karo sing dikirimi. Umpamane : Ingkang Putra, Mitra
Tuhu, Ingkang Wayah, lasapanunggalane.
7) Tapak
asma (tandha tangan)
8) Nama
Peranganing layang
perangan 5 (papan lan titimangsa) bisa mapan ing dhuwur, sadurunge layang
digawe.
b. Sarate
layang
Manawa arep gawe layang
prayogane, nggateake bab-bab iki:
1) Dluwange
resik, syukur yen rupane putih.
2) Tulisane
cetha lan tumata.
3) Ukurane
ganep mawa unggah-ungguh sing trep.
4) Isine
cetha, syukur epara ringkes.
5) Isine
runtut supaya sing maca ora bingung bab sing dikarepake.
c. Tuladha
layang iber-iber
1) Layange
ibu marang putrane
Semarang,
1 Februari 2010
Pandongaku
marang anakku Rahayu
Ing
Ngayogyakarta
Wiyose angger, ibu lan bapak tansah
ginanjar wilujeng, pandongaku muga anakku ing kene uga tansah sehat.
Sarehne wis libur sawetara kowe ora
tilik ngomah, kamangka sesai maneh kowe libur, mula ibu, bapak lan adhi-adhimu
ngarep-arep anggonmu bali, sebab kabeh wis padha kangen. Kajaba saka iku Ibu
lan Bapak paring kiriman dhuwit marang kowe, lantaran wesel. Bisa kanggo tambah
nyukupi kabutuhanmu ing parang.piwelinge wong tuwa aja sembarana lan tansah
nganti-ati. Aja lali tansah manembah marang Gusti Kang Maha Kuwasa.
Wusana, banget anggonku ngantu-antu
tekamu. Dene manawa longgar wektumu, bapak lan ibu mundhut supaya kowe kirim
layang ing ngomah sadurunge bali, wis angger andum slamet.
Ibumu
Sundari
2) Layang
saka putra marang wong tuwane
Sungkem Pangabekti Kula
Katur Bapak-Ibu
Sumartono
Ing Surabaya
Nuwun,
kanthi serat menika kula ngaturi priksa, bilih pikantuk berkah saking Gusti lan
pangestu panjenengan sekaian kula tansah ginanjar wilujeng. Mugi bapak ibu
sarta sadaya kulawarga ing ngriku makaten.
Kajawi
saking menika, sarehne benjang wulan ngajeng menika sampun libur, mangka
sekolah badhe ngawontenaken studi wisata ing Bandung tanggal 23 – 25 Juni 2010,
pramila kula dereng saged wangsul. Malah manawi wonten dhanganing penggalih
kula nyuwun tanbah kintunan sangu, dene biaya kangge studi wisata kula
pendhetaken saking Tabanas.
Wasana
namung menika ingkang dados atur kula, manawi wonten kalepatan nyuwun
pangapunten. Sanget pangajeng-ajeng kula tumrap kintunan sangu. Matur nuwun.
Yogyakarta, 16 Mei 2010
Ingkang Putra
Dyah Wardani
5.
Layang
Dhawuh (Surat
Perintah)
Ing jaman biyen isine
parentah saka wong sing pangkate luwih dhuwur pangkate luwih cendhek marang
andhahane.
Tuladhane :
Dhawuh Perintah Ageng
Kepatihan Surakarta dhumateng Bupati ing Sragen, suka uninga : 1) ......................................................................................................
2) ........................................................................................................
3) .....................................................................................................
Dhawuh
menika mugi kaestokna.
Surakarta,
8 Juli 1910
Pepatih
dalem Surakarta Hadiningrat
K.
Raden Adipati Joyonagoro
6.
Layang
Payuran (Surat
Panyuwunan/Permohonan)
Layang paturan minangka
kosok balene layang parentah. Layang paturan bisa ditegesi ature andhahan
marang sesepuhe utawa wong sing pangkate luwih dhuwur.
Tuladhane :
Aturipun abdidalem
Wedana ing Gondhang, ing Serat Parentah Kabupaten Sragen ngaturaken :
1)
................................................................................................
2) .................................................................................................
3) ......................................................................................................
Tidak ada komentar:
Posting Komentar