CÊRKAK
Asiling kasusastran Jåwå iku manékå
warnå wujudé. Ånå sing wujud gancaran (prosa),
têmbang, lan gêguritan. Wujud gancaran atêgês andharan. Sing kalêbu gancaran
yaiku cêrkak, cêrbung, novèl lan dongèng.
A.
TÊGÊSÉ
CÊRITÅ CÊKAK
Cêritå cêkak
utåwå cêrkak yaiku sawijining karangan kang nyritakaké bab-bab kang ånå
gayutané karo lêlakon manungså kanthi ringkês, anggoné nyritakaké såkå wiwitan,
tuwuh drêdah, nganti cårå ngrampungaké masalah. Cêrkak iku sawijining karangan
kang awujud prosa kang nggambaraké
saklêbatan lêlakoning urip parågå lan cêritå iku biså rampung diwåcå sapisan
lungguh. Dadi cêrkak yaiku sawijining karangan kang awujud prosa kang nyritakake nyritakaké bab-bab kang ånå gayutané karo
lêlakon manungså kanthi ringkês, anggoné nyritakaké såkå wiwitan, tuwuh drêdah,
nganti cårå ngrampungaké masalah lan cêritå iku biså rampung diwåcå sapisan
lungguh.
Prosa
utåwå gancaran iku salah sawijining karya
sastra kang digawé kanthi wujud cêritå
bébas, ora kaikêt déning rima lan irama. Lêlakoning parågå kang
dicritakaké ånå ing sajroning cêrkak iku bab panguripan tokoh kang diwêrnani
padudon, praståwå kang nrênyuhaké utåwå nyênêngaké lan nduwèni kesan kang ora gampang dilalèkaké. Måcå
cêrkak iku bédå karo måcå karya sastra
liyané. Supåyå éndah lan biså narik kawigatèn, måcå cêrkak kudu nggatèkaké
ngênani pakêcapané, laguné ukårå (intonasi),
ekspresi utåwå owah lan obahé
praupan, sing ora kalah wigati, yaiku pamåcå kudu ngêrtèni isiné cêrkak, supåyå
biså njumbuhaké antarané intonasi,
pangucapan, lan ekspresi.
B.
TITIKANE
CÊRKAK
Cêrkak nduwèni
titikan kang bédå karo karya sastra liyané. Titikané cêrkak kasêbut
yaiku:
1. Cêritané
ringkês.
2. Urutané
cêritå luwih prasåjå (sederhana).
3. Gêgayutan
karo lêlakon manungså.
4. Alur
dumadiné cêritå såkå wiwitan, drêdah, lan ngrampungaké pêrkårå.
5. Têmbung-têmbung
kang kagunakaké cacahé 500-5.000 têmbung.
6. Paragané
sêthithik.
7. Témané
prasåjå.
8. Ånå
piwulangé sanadyan ora dicêthakaké (story
image).
9. Cêritané
ora mung ngåyåwårå, nanging akèh pigunané (isi piwulang) tumrap uriping
manungså. Biså kanggo hiburan (tontonan) lan tuntunan.
C.
UNSUR INTRINSIK ING CÊRKAK
1. Tema,
yaiku gagasan pênting sajroning cêritå .
2. Alur/plot,
yaiku lêlakoné pårå parågå/urutaning cêritå wiwit lêkas nganti pungkasan. Alur/plot kapérang dadi 5 (limå) yaiku:
a. Exposition,
yaiku nêpungaké kahanan, parågå, lan sêsambungan antarané parågå siji lan
sijiné kang dicêritakaké,
b. Complication,
yaiku njlèntrèhaké kêdadéan kang ndadèkaké sumbêring pêrkårå.
c. Rising action,
yaiku wimbuhé pêrkårå kang dialami déning paragané,
d. Turning point,
yaiku nêmtokaké parågå kang biså ngrampungi pêrkårå åpå orané. Pérangan iki ugå
kasêbut klimaks,
e. Ending,
yaiku kabèh pêrkårå kang diadhêpi déning pårå paragané wis biså dirampungaké.
3. Parågå,
yaiku pårå pawongan kang nindakaké cêritå.
4. Penokohan,
yaiku nêrangaké watak wantuné pårå parågå.
5. Setting/latar,
yaiku ngrêmbug papan, wêktu dumadiné cêritå, lan swasånå sajroning cêritå .
6. Amanat,
yaiku piwulang bêcik kang biså dijupuk såkå cêritå kang diwåcå.
7. Sudut pandhang
(point of view), yaiku kêpriyé
anggoné ngêtrapaké awaké pengarang
nalikå nyritakaké. Posisi pengarang iku ånå loro, yaiku:
a. Dadi
wong kapisan : dadi tokoh kang biså
disawang ånå ing sajroning cêritå,
b. Dadi
wong katêlu : dadi tokoh kang sadêrmå
mung nyritakaké
D.
SINOPSIS CÊRITÅ
Sinopsis yaiku ringkêsan
sawijining cêritå. Ringkêsan yaiku salah sawijining wujud nyêkakaké sawijining
cêritå kanthi têtêp migatèkaké unsur-unsur
intrinsik sawijining cêritå iku. Gawé sinopsis
iku cårå kang efektif kanggo
ngaturaké sawijining cêritå sajroning wujud cêrkak. Sajroning sinopsis kaéndahan gaya bahasa, ilustrasi,
lan penjelasan-penjelasan diilangaké,
nanging têtêp gumathok marang isi lan gagasan
umum pangriptå.
Sinopsis lumrahé
diwatêsi déning cacahing rai. Dawané sinopsis
lumrahé sêpêrlimå utåwå sêpêrsêpuluh såkå dawané karangan asliné. Cårå gawé sinopsis, yaiku:
1. Måcå
naskah asli kanggo golèk gagasan umumé panulis,
2. Nyathêt
gagasan utama kang pênting,
3. Ngrantam
manèh gagasan utama dadi paragraf,
4. Dialog
utåwå monolog cukup ditulis isi utåwå
garis utamané,
5. Sinopsis
ora kênå owah såkå lakuné cêritå asli.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar