Senin, 28 Maret 2016

TÊMBANG JÅWÅ



TÊMBANG JÅWÅ

A.      Kang Diarani Têmbang
Rêriptan utåwå dhapukaning båså måwå paugêran tartamtu (gumathok) kang pamacané (olèhé ngucapké) kudu dilagokaké nganggo kagunan swårå. Têmbang kuwi kalêbu båså pinathok kang tumåtå.

B.       Cakêpan
Kang diarani cakêpan iku unèn-unèning têmbang utåwå têtêmbungan kang kanggo ing têmbang.

C.      Pêdhotan
Sing diarani pêdhotan têmbang iku papan ngasoning napas nalikå wong nglagokaké têmbang. Pêdhotan kang apik iku kang tibå ing wêkasaning têmbung, diarani pêdhotan kêndho. Kosok-baliné pêdhotan kêncêng, yaiku pêdhotan kang ora dumunung ing wêkasaning têmbung. Gåtrå kang måwå pêdhotan kêndho, kapénak diwåcå lan gampang disurasani isiné déning wong sing måcå lan ngrungu têmbang.

D.      Andhêgan
Andhêgan iku ugå papan ngasoning napas nalikå wong nglagokaké têmbang, nanging pangasoné ing andhêgan luwih suwé tinimbang pangasoné ing pêdhotan. Andhêganing têmbang Kawi dumunung ånå ing wêkasané kabèh pådå-pålå. Andhêgan têmbang Têngahan dumunung ing wêkasané kabèh gåtrå. Wondéné andhêgan siji-sijiné têmbang Måcåpat dumunung ånå ing gåtrå tartamtu. Andhêngan têmbang kasêbut kapratèlakaké ånå ing tabel paugêran têmbang.

E.       Golong-golongané Têmbang
Manut nom tuwané kasusatran kang awujud têmbang kapilah dadi 3, yaiku:
1.        Kasusastran Jåwå Kunå têmbange aran Kakawin.
Kakawin iku kanthi iråmå, lan kaikêt ing wêwaton (aturan), basané Jåwå kunå (Kawi), ing sakawit kakawin iku baku abåså Kawi, kang sinawung ing têmbang.
Tuladhané: Kakawin Arjunawiwaha, Nêgarakêrtagama, Ramayana, Bharata Yudha, lan sapanungalané.
2.        Kasusastran Jåwå Têngahan têmbangé aran Kidung
Kidung iku têmbang kang cakêpané abåså Jåwå Têngahan (Kawi Miring).
Tuladhané : Kidung Subråtå, Kidung Sundåyånå, Kidung Harsåwijåyå, lan sapanunggalané.
3.        Kasusastran Jåwå Ayar têmbangé wujudé :
a.       Têmbang  Gêdhé utåwå Têmbang Kawi
Kasusastran Jåwå ing jaman kunå kang sinawung ing têmbang. Têmbangé, déning wong-wong jaman saiki diarani têmbang kawi, liré têmbang kang ånåné (tuwuhé) dhèk jamané wong-wong Jåwå abåså Kawi utawa Jåwå-kunå. Cakêpané têmbang Kawi dhèk jaman samånå mêsthi waé iyå båså Kawi.
Tuladhané : Kusumastuti, Citråmênggêng, Têpikawuri, Kumudaswårå, Pamularsih.
b.      Têmbang Têngahan utåwå Têmbang Dhagêlan
Wiwit jaman Måjåpait, akèh wong-wong (rakyat) sing kurang pånå marang båså Kawi. Båså sing dianggo gunêman ing wêktu iku déning wong-wong ing jaman saiki diarani båså Jåwå-Têngahan. Marang têmbang Kawi, wong-wong wis akèh sing kurang pånå. Bêbarêngan karo anané båså Jåwå-Têngahan, tuwuh têmbang anyar kang diarai têmbang Têngahan. Cakêpané têmbang Têngahan dhèk jaman samånå mêsthi waé iyå båså Jåwå-Têngahan.
Tuladhané : Wirangrong, Pranaswårå, Balabak, Palugon, Jurudêmung, Pangajabsih.
c.       Têmbang Cilik utåwå Têmbang Måcåpat
Têmbang Måcåpat anané ugå wiwit jaman Måjåpait mung waé tuwuhé luwih kari tinimbang têmbang Têngahan. Cakêpané têmbang Måcåpat dhèk jaman samånå mêsthi waé iyå båså Jåwå-Têngahan.
Tuladhané : Mijil, Kinanthi, Sinom, Asmårådånå, Dhandhanggulå, Gambuh, Maskumambang, Durmå, Pangkur, Mêgatruh, lan Pucung.
d.      Têmbang Dolanan
Têmbang dolanan yaiku têmbang sing basané Jåwå anyar, lan gampang dimangêrtèni déning bocah. Ånå ugå sing dilagokaké nganggo solah båwå. Isiné pitutur, cangkriman, dongèng lan sapanunggalané.
Tuladhané : Sluku-sluku bathok, Jamuran, Gajah-gajah, Ménthog-ménthog, Gundul-gundul Pacul, Butå-butå Galak, Aku Duwé Pitik, Ilir-ilir, lan sapanunggalané.
e.       Gêndhing lan Suluk
Kajåbå têmbang ing nduwur, ånå asiling kasusastran awujud têmbang sing diarani gêndhing lan suluk. Kêkaroné anggoné nglagokaké dibarêngi karo swaraning gamêlan. Amung bédané manåwå gêndhing sing nindakaké pêsindhèn utåwå pênggérong, yèn suluk sing nindakaké dhalang lan isiné dilarasaké karo swårå critå sing lagi digêlar.
Tuladhané gêndhing : Ulêr Kambang, Ladrang Pariwisåtå Puspåwårnå, Sinom Parijåthå, Grompol, lan sapanunggalané.
Tuladhané suluk : Suluk Sukårså lan Suluk Wujil karangané Sunan Bonang, Suluk Malang-Sumirang karangané Sunan Panggung.
Tulådhå Suluk pathêt manyurå wantah têmbang Wisarjitå pådå 1)
Mèh rainå sêmubarang Hyang Arunå kadi nétrå ning ogå rapuh, sabdå ni kokilå ring kanigårå sakêtêrni kidung ning akung, lwir wuwusing winipåchå papêtaking ayam wanaring pagagan, mrak anguhuh brêmårå ngråbåså kusumå ring parahyasan arum.

F.       Paugêran Têmbang
Têmbang Kawi (Gêdhé) måwå paugêran guru-laku lan guru wilangan, têmbang Têngahan lan têmbang Måcåpat måwå paugêran guru-gåtrå, guru-wilangan lan guru-lagu. Dadi paugêrané têmbang Têngahan karo têmbang Måcåpat pådhå waé, mung têmbang Têngahan tuwuh luwih dhisik. Jalaran såkå iku sok ditêmbungaké mangkéné : têmbang Måcåpat iku têmbang Têngahan kang tuwuhé luwih kari. Utåwå : têmbang Têngahan iku têmbang Måcåpat kang anané luwih dhisik.
Guru, atêgês : ugêr-ugêr, paugêran, wêwaton, pathokan. Guru-gåtrå, atêgês wêwaton gåtrå, yaiku wêwaton cacahé gatrané têmbang sabên sapådå (satu bait). Sagåtrå iku sapådå-lingså, tumrap têmbang Gêdhé diarani sapådå-pålå.
            Guru-wilangan, atêgês wêwaton wilangan, yaiku wêwaton cacahé wandå utåwå kêcap ing siji-sijiné gatraning têmbang. Guru-lagu, atêgês wêwaton lagu (dhong-dhing), yaiku wêwaton tibaning dhong-dhing (tibaning swårå) ing wêkasané siji-sijiné gåtrå.

Mungguh guru-gåtrå, guru-wilangan, guru-lagu, lan andhêgan têmbang limalas warnå iku kåyå kang kapratélakaké ing ngisor iki:
No.
NÅMÅ TÊMBANG
GURU GÅTRÅ
I
II
III
IV
V
VI
VII
VIII
IX
X
GW
GL
GW
GL
GW
GL
GW
GL
GW
GL
GW
GL
GW
GL
GW
GL
GW
GL
GW
GL
1.
Dhandhanggulå
10
i
10
a
8
é A
7
u
9
i A
7
a
6
u A
8
a
12
i
7
a A
2.
Kinanthi
8
u
8
i A
8
a
8
i A
8
a
8
i A
 -
3.
Pucung
12
u A
6
a
8
i A
12
a A
 -
 -
 -
 -
 -
 -
 -
 -
 -
 -
 -
-
4.
Asmårådånå
8
i
8
a
8
é/o A
8
a
7
a A
8
u
8
a A
5.
Pangkur
8
a
11
i A
8
u
7
a
12
u A
8
a
8
i A
 -
-
 -
 -
-
6.
Durmå
12
a
7
i A
6
a
7
a A
8
i
5
a A
7
i A
 -
7.
Mijil
10
i
6
o A
10
é A
10
i A
6
i
6
u A
 -
8.
Gambuh
7
u
10
u A
12
i A
8
u
8
o A
 -
 -
 -
 -
9.
Maskumambang
12
i A
6
a
8
i A
8
a A
 -
 -
 -
 -
 -
 -
10.
Mêgatruh
12
u A
8
i A
8
u
8
i A
8
o A
 -
 -
 -
 -
 -
 -
11.
Sinom
8
a
8
i A
8
a
8
i A
7
i
8
u A
7
a A
8
i
12
a A
 -
12.
Balabak
12
a
3
é A
12
a
3
é A
12
a
3
é A
13.
Wirangrong
8
i
8
o A
10
u
6
i A
7
a
8
a A
 -
 -
 -
 -
 -
 -
 -
 -
14.
Jurudêmung
8
a
8
u A
8
u
8
a A
8
u
8
a
8
u A
15.
Giriså
8
a
8
a A
8
a
8
a A
8
a A
8
a A
8
a
8
a A
 -
 -
 -
 -
  
Tibaning andhêgan-andhêgané ing wêkasan gåtrå kang måwå têtêgêr A

A.      Têmbang Jaman Biyèn lan Saiki
Ora kabèh têmbang jaman biyèn pådhå karo têmbang ing jaman saiki, ånå sing bédå. Bédå mungguhing golongané utåwå mungguhing paugêrané. Tuladhané :
1.        Biyèn kalêbu têmbang Gêdhé, saiki kagolong têmbang Måcåpat, yaiku têmbang Giriså.
2.        Biyèn kalêbu têmbang Têngahan, saiki kagolong têmbang Måcåpat, yaiku têmbang Mêgatruh, Gambuh, Wirangrong, Jurudêmung lan Balabak.
3.        Paugêrané têmbang Balabak, biyèn mung 4 gåtrå, saiki 6 gåtrå. Biyèn guru-laguné iyå ora kåyå jaman saiki.
4.        Paugêrané têmbang Giriså, biyèn ora kabèh wêkasaning gatrané tibå a.
5.        Paugêrané têmbang Sinom, biyèn gatrané kang katêlu kênå tibå o, saiki kudu tibå a.
6.        Paugêrané têmbang Mijil (biyèn diarani Pamijil), biyèn gatrané kang kapindho tibå é, saiki o.

B.       Pupuh
Pupuh iku kumpulané têmbang sawarnå nganti pirang-pirang pådå, lan kang surasaning cakêpané pådå siji karo sijiné ånå gêgayutané.

C.      Kakawin
Kakawin iki buku kang isiné (caritané) abåså Kawi (Jåwå kunå) lan sinawung ing têmbang Kawi. Tuladhané : Kakawin Arjunawiwaha karangané Empu Kanwa. Kakawin Bharatayudha karangané Empu Sêdah lan Panuluh, Kakawin Ramayana, Kakawin Sang Hyang Kamahayanikan, Kakawin Arjunawijaya, Kakawin Wrêttasancaya, Kakawin Abhimanyuwiwaha, lan sapanunggalané.

D.      Kidung
Kidung iku têmbang sing cakêpané abåså Jåwå-Têngahan wondéné têmbangé, akèhé têmbang Têngahan (nganggo guru-gåtrå, guru-wilangan, lan guru-lagu). Tarkadhang awujud têmbang Gêdhé utåwå têmbang Måcåpat, nanging båså mêsthi båså Jåwå-Têngahan.
Tuladhané: Kidung Subråtå, Déwå Ruci, Sudåmålå, Panji Angrèni, Sri Tanjung, Ranggalawé, lan sapanunggalané.
E.       Båwå
Båwå iku têmbang kang dianggo murwakani gêndhing, minångkå lêliruné bukå kang mung kadadéan såkå uniné salah-sijining prabot gamêlan. Gêndhing kang wis dibawani, tanpå bukå. Sing lumrah dianggo mbawani gêndhing iku têmbang Gêdhé utåwå têmbang Têngahan, kålå-kålå têmbang Måcåpat.

F.       Jinêman
Jinêman iku péranganing cakêpané båwå sing kudu dilagokaké déning pirang-pirang (koor) lan binarung swaraning pradånggå. Ora kabèh båwå måwå jinêman. Sing mbåwå mung wong siji. Manåwå têmbang sing dianggo mbåwå ånå jinêmané, jinêmané dilagokaké déning wong pirang-pirang.

G.      Céngkok
Céngkok iku lak-luking swårå kang diango nglagokaké têmbang. Têmbang iku sanadyan pådhå jênêngé, pådhå lakuné, pådhå rasané, pådhå pathêté, nanging céngkoking laguné (lak-luking swårå sing dianggo nglagokaké) ing panggonan siji karo sijiné ora kétang sathithik mêsthi ånå gèsèhé. Malah wong siji karo sijiné, sanadyan nunggal panggonan, céngkoké mêkså ånå bédané. Dalasan nunggal wong waé (wong siji), têmbang mau, nêmbang saiki karo nêmbang mêngko, sok ånå bédaning céngkoké.

H.      Baliswårå
Baliswårå iku pamaliking ukårå tumrap ing gåtrå têmbang. Samångså prêlu, margå mburu guru-lagu, ingatasé wong ngarang têmbang wênang nganggo ukårå walikan.
Tuladhané :
1.        Tumrap ukårå ganjaran, kudu : “Anoman sampun malumpat”.
Kanggoné gåtrå têmbang, kênå : “Anoman malumpat sampun”. (Kinanthi ing gåtrå wiwitané)
2.        Ingatasé ukårå gancaran, kudu : “Lamun tanpå sastrå sêpi kagunan”.
Tumrap têmbang, kênå : “Lamun tanpå sastrå kagugan sêpi”. (Pangkur gåtrå kang kapindho)
3.        Tumrap ukårå ganjaran, kudu : “Si ulå iku yèn nyakot ngêndêlkên mandining wiså”.
Mungguhing gåtrå têmbang, kênå : “Si ulå ngêndêlkên mandining wiså yèn nyakot”. (Gambuh rong gåtrå kang wêkasan)

I.         Dåyåsåstrå
            Dåyåsåstrå, atêgês dayaning satrå, dayaning aksårå. Aksårå dianggêp duwé dåyå, yaiku dåyå mbrêngêngêng. Nanging iku mung tumrap aksårå Jåwå. Atêr-atêr hanuswårå kang ora luluh karo purwaning linggå, tumrap têmbang kang katulis ing sastrå Jåwå, kudu diwåcå kåyå wujuding atêr-atêr, ora kênå mung kawåcå aksarané irung sêsigêgé atêr-atêr iku waé. Samångså atêr-atêr iku njalari luwihing guru-wilangan, kudu dibuwang waé, liré sanadyan kuduné têmbung tanduk, ora susah nganggo atêr-atêr hanuswårå. Nanging pamacané kudu kåyå pamacané têmbung kang måwå atêr-atêr anuswårå.
Tuladhané :
1.        Pangkur gåtrå wêkasan : “Bêdah pråjå boyong putri”, kudu kawåcå “Mbêdah pråjå mboyong putri”.
2.        Gambuh gåtrå wêkasan : “Dhodhok dhêpèpès tan katon”, kudu kawåcå “Ndhodhok ndhêpèpès tan katon”.
3.        Mijil gåtrå kang katêlu : “Géndhong ténggok anyangking kêndhiné”, kudu diwåcå “Nggéndhong ténggok anyangking kêndhiné”.
Åjå kliru tåmpå, ing dhuwur iku tulådhå mung manåwå di tulis nganggo sastrå Jåwå.

J.        Sasmitå Têmbang
Sasmitå såkå båså Kawi kang atêgês pasêmon, tåndå utåwå samar. Sawijining pupuh têmbang kang arêp ganti pupuh tunggalé, katrangaké kanthi sasmitå têmbang. Ukaraning sasmitå têmbang iku katulis ånå ing wiwitaning pupuh utåwå pungkasaning pupuh. Manåwå katulis ånå ing wiwitaning pupuh, nêrangaké manåwå têmbang kang katulis iku kalêbu ing nåmå têmbang kang jumbuh karo sasmitå têmbang. Sawaliké manåwå katulis ånå ing pungkasaning pupuh, nêrangaké manåwå têmbang bacuté nåmå têmbang jumbuh karo sasmitå têmbang.
  
Wujudé sasmitå têmbang kapratélakaké kåyå ing ngisor iki.
Dhandhanggulå
:
Sarkårå, manis, mêmanisé, artati, dhandhang, sinarkårå, gulå, pêmanisé.
Kinanthi
:
Kinanthi, kêkanthên, gandhèng, ginandhèng, kanthi.
Pucung
:
Kaluwak, pocung, wohing pocung, pinoncung.
Asmårådånå
:
Kasmaran, asmårå, brangti, brangtå, kingkin, wuyung.
Pangkur
:
Wuri, mungkur, wuntat, yudå kênåkå, kapungkur.
Durmå
:
Mundur, ngunduri,durmåkå, durcålå.
Mijil
:
Wijil, mijil mêtu, miyos, pamijil.
Gambuh
:
Nggambuh, tambuh, tumambuh.
Maskumambang
:
Kumambang, kêntir, timbul.
Mêgatruh
:
Pêgat, duduk, anduduk.
Sinom
:
Srinåtå, sinom, roning kamal, kanoman, ngênomi, anom, tarunå.

K.      Sandi Asmå
Sandi utåwå sandyå satêmêné atêgês sambung utåwå gandhèng. sandi-asmå, atêgês sastrå kang sinandi, jênêng kang sinamun, sinamar. Jênêng kang ora katuduhaké kanthi mêlok, ora kanthi cêthå. Katuduhaké, nanging sinamar (sinamun) ing sajroning karangan, lumrahé ing sajroning karangan kang sinawung ing têmbang.
Sing ådå-ådå mingunakaké sandi-asmå warnå-warnå iku swargi R. Ng. Ranggåwasitå. Yå Sang Pujånggå swargi R. Ng. Ranggåwasitå iku kang migunakaké sandi-asmå warnå-warnå dhisik dhéwé. Sang Pujånggå swargi R. Ng. Ranggåwasitå carané mapanaké sandi-asmå ånå warnå ênêm, yaiku : ing sabên wiwitané pupuh, ing sabên wiwitaning pådå, ing sabên wiwitaning gåtrå, ing pêdhotané gåtrå, ing saburiné pêdhotan, lan ånå manèh sandi-asmå kang mung dumunung ing gåtrå siji.
Tuladhané :
1.    Dumunung ing wiwitaning pupuh
(tinêmu ing layang Ajipamaså)
RA             - sikaning Sarkårå kaèsthi                               (Pupuh Dhandhanggulå)
HA             - sasmitå wadyanirå                                        (Pupuh Sinom)
DYAN       - Cêpu kinon ningali                                        (Pupuh Asmårådånå)
NGA          - wu-awu ing pamuwus nguwus-uwus           (Pupuh Pucung)
              - lå tampaning wardåyå                                   (Pupuh Pangkur)
I                  - jêg tyas sabiyantu                                         (Pupuh Gambuh)
RONG       - prakårå pilihên salah satunggal                     (Pupuh Durmå)
GA             - gat angun-angun ing pråjå gung                   (Pupuh Mêgatruh)
WAR         - nanên tanah ing sabarang                              (Pupuh Pangkur)
SI                - rå Sang Prabu kalihnyå                                 (Pupuh Giriså)
TA              - litining wong abêcik                                     (Pupuh Asmårådånå)

2.    Dumunung ing wiwitane gåtrå
// RAsikaping Sarkårå kaèsthi / DÈNnyå kêdah mamardi mardåwå / NGAjåwårå puwarané / lå-bélåning kalbu / Inukårtå nis kartèng gati / RONGngas rèhing ukårå / GAgaranirantuk / WARtå wasitaning kunå / SInung têngran / janmå trus kaswarêng bumi (1791) / TAlitining caritå // (Sêrat Ajipamaså)

3.    Dumunung ing pêdhotané gåtrå
// aywå pêgat ngudiå RONGing budyayu / marGAné såkå basuki / dimèn luWAR kang kinayun / kalis ing panggawé SIsip / ingkang TAbêri prihatos // (Sêrat Sabdåjati)

L.       Cårå Nggancaraké Têmbang
Ukårå gancaran iku dhapukané kudu kåyå ukårå lumrah, yaiku ukårå kang kanggo gunêman padinan. Supåyå gatra-gatrané têmbang biså dadi ukårå lumrah kang ora kau-wagu, manåwå nggancaraké têmbang ngèlingånå pituduh-pituduh ing ngisor iki :
1.    Ukårå-ukarané têmbang kang ikêtané nganggo wêwaton baliswårå, kudu diudhari. Liré : dadi gancaran, dhapukaning têtêmbungané kudu diwalik.
2.    Yèn ånå têmbungé Kawi kudu dijarwakaké, yaiku diganti têmbung lumrah. Luwih-luwih yèn têmbung Kawi iku ora tau kêprungu ånå ing pasrawungan padinan.
3.    Manåwå ånå têmbungé garbå utåwå têmbung sandi, garbané kudu diudhari.
4.    Samångså prêlu kanggo nglarasaké ukårå, supåyå åjå nganti dadi ukårå gancaran kang kau-wagu, kênå mbuwang utåwå ngimbuhi têmbung-têmbung sawatårå. Mangkono ugå kênå ngilangi utåwå muwuhi atêr-atêr utåwå panambang, manåwå pancèn prêlu.
5.    Pådå-padané, êndi sing kudu pådå komå, titik, titik-komå, titik loro, pådå pakon lan pitakon, pambuka lan panutup, kudu manut wêwaton panganggoné pådå ing ukårå-ukårå gancaran.
Tulådhå, upåmå nggancaraké têmbang Pangkur ing ngisor iki :
                        Éman-éman pårå mudhå,
                        lamun tanpå sastrå kagunan sêpi,
                        nadyan darbé rupå bagus,
                        tur sugih busanartå,
                        nanging lamun tanpå sastrå rai samun,
                        sêkar têpus saupåmå,
                        amrêngangah nora wangi.

Dadiné gancaran, upamané mangkéné :
            Éman-éman manåwå wong nom nganti wutå ing sastrå lan sêpi ing kagunan. Sanadyan darbé rupå bagus tur sugih råjåbrånå pisan, manåwå wutå ing sastrå, rainé mêsthi kucêm. Pêpindhané kåyå kêmbang têpus, yaiku : warnané mrênggah éndah, nanging gandané ora wangi.
Bédané nggancaraké, njawakaké, lan njarwakaké mangkéné : Nggancaraké ngganti dhapukaning ukårå-ukaraning têmbung dadi ukårå gancaran utåwå ukårå lumrah (Indonesia : puisi menjadi prosa). Njawakaké iku ngganti têmbung (ukårå, caritå) båså måncå (saliyané båså Jåwå) dadi têmbung (ukårå, caritå) båså Jåwå. Njarwakaké iku ngganti têmbung (ukårå, caritå) båså Kawi utåwå båså Jåwå-Kunå (kalêbu ugå têmbung-têmbung Sangsêkêrta) dadi têmbung (ukårå, caritå) båså Jåwå-Anyar.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar