Rabu, 30 Maret 2016

CERKAK



CÊRKAK

Asiling kasusastran Jåwå iku manékå warnå wujudé. Ånå sing wujud gancaran (prosa), têmbang, lan gêguritan. Wujud gancaran atêgês andharan. Sing kalêbu gancaran yaiku cêrkak, cêrbung, novèl lan dongèng.
A.  TÊGÊSÉ CÊRITÅ CÊKAK
Cêritå cêkak utåwå cêrkak yaiku sawijining karangan kang nyritakaké bab-bab kang ånå gayutané karo lêlakon manungså kanthi ringkês, anggoné nyritakaké såkå wiwitan, tuwuh drêdah, nganti cårå ngrampungaké masalah. Cêrkak iku sawijining karangan kang awujud prosa kang nggambaraké saklêbatan lêlakoning urip parågå lan cêritå iku biså rampung diwåcå sapisan lungguh. Dadi cêrkak yaiku sawijining karangan kang awujud prosa kang nyritakake nyritakaké bab-bab kang ånå gayutané karo lêlakon manungså kanthi ringkês, anggoné nyritakaké såkå wiwitan, tuwuh drêdah, nganti cårå ngrampungaké masalah lan cêritå iku biså rampung diwåcå sapisan lungguh.
Prosa utåwå gancaran iku salah sawijining karya sastra kang digawé kanthi wujud cêritå bébas, ora kaikêt déning rima lan irama. Lêlakoning parågå kang dicritakaké ånå ing sajroning cêrkak iku bab panguripan tokoh kang diwêrnani padudon, praståwå kang nrênyuhaké utåwå nyênêngaké lan nduwèni kesan kang ora gampang dilalèkaké. Måcå cêrkak iku bédå karo måcå karya sastra liyané. Supåyå éndah lan biså narik kawigatèn, måcå cêrkak kudu nggatèkaké ngênani pakêcapané, laguné ukårå (intonasi), ekspresi utåwå owah lan obahé praupan, sing ora kalah wigati, yaiku pamåcå kudu ngêrtèni isiné cêrkak, supåyå biså njumbuhaké antarané intonasi, pangucapan, lan ekspresi.

B.  TITIKANE CÊRKAK
Cêrkak nduwèni titikan kang bédå karo karya sastra liyané. Titikané cêrkak kasêbut yaiku:
1.    Cêritané ringkês.
2.    Urutané cêritå luwih prasåjå (sederhana).
3.    Gêgayutan karo lêlakon manungså.
4.    Alur dumadiné cêritå såkå wiwitan, drêdah, lan ngrampungaké pêrkårå.
5.    Têmbung-têmbung kang kagunakaké cacahé 500-5.000 têmbung.
6.    Paragané sêthithik.
7.    Témané prasåjå.
8.    Ånå piwulangé sanadyan ora dicêthakaké (story image).
9.    Cêritané ora mung ngåyåwårå, nanging akèh pigunané (isi piwulang) tumrap uriping manungså. Biså kanggo hiburan (tontonan) lan tuntunan.

C.  UNSUR INTRINSIK ING CÊRKAK
1.    Tema, yaiku gagasan pênting sajroning cêritå .
2. Alur/plot, yaiku lêlakoné pårå parågå/urutaning cêritå wiwit lêkas nganti pungkasan. Alur/plot kapérang dadi 5 (limå) yaiku:
a.    Exposition, yaiku nêpungaké kahanan, parågå, lan sêsambungan antarané parågå siji lan sijiné kang dicêritakaké,
b.      Complication, yaiku njlèntrèhaké kêdadéan kang ndadèkaké sumbêring pêrkårå.
c.       Rising action, yaiku wimbuhé pêrkårå kang dialami déning paragané,
d.     Turning point, yaiku nêmtokaké parågå kang biså ngrampungi pêrkårå åpå orané. Pérangan iki ugå kasêbut klimaks,
e.       Ending, yaiku kabèh pêrkårå kang diadhêpi déning pårå paragané wis biså dirampungaké.
3.    Parågå, yaiku pårå pawongan kang nindakaké cêritå.
4.    Penokohan, yaiku nêrangaké watak wantuné pårå parågå.
5.    Setting/latar, yaiku ngrêmbug papan, wêktu dumadiné cêritå, lan swasånå sajroning cêritå .
6.    Amanat, yaiku piwulang bêcik kang biså dijupuk såkå cêritå  kang diwåcå.
7.    Sudut pandhang (point of view), yaiku kêpriyé anggoné ngêtrapaké awaké pengarang nalikå nyritakaké. Posisi pengarang iku ånå loro, yaiku:
a.    Dadi wong kapisan   : dadi tokoh kang biså disawang ånå ing sajroning cêritå,
b.    Dadi wong katêlu     : dadi tokoh kang sadêrmå mung nyritakaké

D.  SINOPSIS CÊRITÅ
Sinopsis yaiku ringkêsan sawijining cêritå. Ringkêsan yaiku salah sawijining wujud nyêkakaké sawijining cêritå kanthi têtêp migatèkaké unsur-unsur intrinsik sawijining cêritå iku. Gawé sinopsis iku cårå kang efektif kanggo ngaturaké sawijining cêritå sajroning wujud cêrkak. Sajroning sinopsis kaéndahan gaya bahasa, ilustrasi, lan penjelasan-penjelasan diilangaké, nanging têtêp gumathok marang isi lan gagasan umum pangriptå.
Sinopsis lumrahé diwatêsi déning cacahing rai. Dawané sinopsis lumrahé sêpêrlimå utåwå sêpêrsêpuluh såkå dawané karangan asliné. Cårå gawé sinopsis, yaiku:
1.    Måcå naskah asli kanggo golèk gagasan umumé panulis,
2.    Nyathêt gagasan utama kang pênting,
3.    Ngrantam manèh gagasan utama dadi paragraf,
4.    Dialog utåwå monolog cukup ditulis isi utåwå garis utamané,
5.    Sinopsis ora kênå owah såkå lakuné cêritå asli.

Senin, 28 Maret 2016

LAYANG



LAYANG

Wong sambung gunêm (komunikasi) biså kanthi lisan ugå biså kanthi tulisan déné sambung sarånå tinulis diarani layang. Manåwå wong lagi gunêman (micårå) kudu éling marang sad gunå wicårå (sad = nênêm, gunå = prakårå; bab, wicårå = gunêman). Sad gunå wicårå atêgês ênêm prakårå sing kudu digatèkaké manåwå lagi gunêman karo wong liyå.
Wujudé sad gunå wicårå :
1.    Såpå sing gunêman.
2.    Såpå sing diajak gunêman.
3.    Panggonan kang kanggo gunêman.
4.    Wêktu lan kahanan nalikå gunêman.
5.    Piranti sing kanggo gunêman (layang, télépon, lan sapanunggalané).
6.    Ancasing gunêman.
Sad gunå wicårå iku duwé ancas amrih bêciking pirêmbugan, kajåbå iki ugå kudu ngèlingi båså sing kudu digunakaké miturut unggah-ungguhé.

A.  Wujud Layang
Miturut wujudé layang Jåwå yaiku :
1.      Layang ulêm                 (undhangan)
2.      Layang kitir                  (telegram)
3.      Layang lêlayu               (kematian)
4.      Layang ibêr-ibêr           (kiriman pribadi)
5.      Layang dhawuh           (surat perintah)
6.      Layang payuran            (surat panyuwunan/permohonan)

Katrangan:
1.    Layang Ulêm                    (Undhangan)
Layang ulêm isiné pangundhang wong sing arêp duwé gawé lumrahé wong sing ngundang lagi nêmu råså kêbungahan. Wong sing diulêmi supåyå rawuh ing wêktu lan papan sing wis ditêntokaké. Layang ulêm umpamané ulêm mantu, supitan, syukuran, tanggap wacånå (ulang tahun), lan sapanunggalané.
Tuladhané layang ulêm mantu :

Ingkang taklim.

Nuwun wiyosipun, kulå ngaturi uningå dhatêng panjênêngan bilih :
Dintên        : Minggu Wagé
Titimångså  : 2 April 2010
Wêkdal       : pukul 10.00 WIB
Papan          :Balai Shinta Mandala Bhakti Wanitatama


Kulå badhé mahargyå anak kulå.

Astuti
(Bp. Budi Harsono, Ibu Rani Yogyakarta)

Dhaup kaliyan

Basuki
(Adi Darma, Ibu Rahayu Surabaya)

Ingkang mênikå mawantu-wantu, panyuwun kulå mugi panjênêngan sêkalian kêrså rawuh hangêstrèni anak kulå kêkalih.
Ing wasånå sangêt ing pangajêng-ajêng kulå mênggah rawuh panjênêngan sêkalian.


                                                                               Yogyakarta, 25 Marêt 2010
                                                                                           Taklim kula

                                                                                           Budi Harsono
2.    Layang Kitir                     (Telegram)
Layang kitir isiné ringkês, cêkak aos åpå prêluné waé.
Tuladhané layang kitir :

Katur :
Mas satriya
Ing Ngayogyåkartå

Wiyosé, aku ngaturi kabar manåw simbah gêrah, saiki mondhok ing RS Sarjito. Mulå aku nganti-anti rawuh panjênêngan. Nuwun

                                                                                           Klatèn. 14 April 2010
                                                                                                       Rayi
                  
                                                                                                 Tri Rukmini
3.    Layang Lêlayu                  (Kematian)
Layang lêlayu isiné lêlayu utåwå kêmatian.
Tuladhané :
      
Lêlayu

Ngaturi pirså, bilih dintên Minggu Pon tanggal 20 Mèi 2010 watawis jam 23.00 utawi jam 11 dalu. Ibu Sarmin sampun kapundhut wangsul ing pêngayunaning Ållåh SWT. kaparingan yuswå 87 taun, layon Condongcatur Dépok Slêman wanci jam 13.00. Nuwun

Ingkang nandhang dhuhkitå


Suhardi sakulåwårgå

4.    Layang Ibêr-Ibêr             (Kiriman Pribadi)
Layang iber-iber isine awujud kabar pribadi, sing diandharake bisa apa wae.
a.       Peranganing layang (Bageyan Layang)
Peranganing layang iber-iber kang ganep :
1)      Adangiyah/adawiyah (unggah-ungguhing layang)
Tuladha :
SalamTaklim                             : tumrap sapadha-padha, sing luwih enom.
Ingkang Sembah Sungkem       : tumrap wong tua, para leluhur.
Ingkang Sungkem Pangabekti  : tumrap wong tuwanne (sing kudu dibekteni)
Salam Pandonga, Pandongaku : wong tuwa marang wong enom, putrane.
Sembah Sujud                           : kawula marang pepundhenne, ratu gustine.
2)      Pambuka/bebuka
Isine : kabar kaslametan lan pandonga marang sing dikirimi layang.
3)      Isi (surasaning layang)
4)      Panutup
Isine : sing kirim layang duwe pangarep-arep, supaya sing dikirimi aweh pangapura yen ana kaluputane utawa atur sing kurang prayoga utawa kurang nuju prana.
5)      Papan lan Titimangsa
Papan tegese ing ngendi panggawene layang, titit mangsa ateges wayah, tanggal sasi, lan taun pangggawene layang.
6)      Paprenahan
Tegese sing kirim layang iku kaprenah apa karo sing dikirimi. Umpamane : Ingkang Putra, Mitra Tuhu, Ingkang Wayah, lasapanunggalane.
7)      Tapak asma (tandha tangan)
8)      Nama
Peranganing layang perangan 5 (papan lan titimangsa) bisa mapan ing dhuwur, sadurunge layang digawe.

b.      Sarate layang
Manawa arep gawe layang prayogane, nggateake bab-bab iki:
1)      Dluwange resik, syukur yen rupane putih.
2)      Tulisane cetha lan tumata.
3)      Ukurane ganep mawa unggah-ungguh sing trep.
4)      Isine cetha, syukur epara ringkes.
5)      Isine runtut supaya sing maca ora bingung bab sing dikarepake.

c.       Tuladha layang iber-iber
1)      Layange ibu marang putrane

Semarang, 1 Februari 2010
Pandongaku marang anakku Rahayu
Ing Ngayogyakarta

            Wiyose angger, ibu lan bapak tansah ginanjar wilujeng, pandongaku muga anakku ing kene uga tansah sehat.
            Sarehne wis libur sawetara kowe ora tilik ngomah, kamangka sesai maneh kowe libur, mula ibu, bapak lan adhi-adhimu ngarep-arep anggonmu bali, sebab kabeh wis padha kangen. Kajaba saka iku Ibu lan Bapak paring kiriman dhuwit marang kowe, lantaran wesel. Bisa kanggo tambah nyukupi kabutuhanmu ing parang.piwelinge wong tuwa aja sembarana lan tansah nganti-ati. Aja lali tansah manembah marang Gusti Kang Maha Kuwasa.
            Wusana, banget anggonku ngantu-antu tekamu. Dene manawa longgar wektumu, bapak lan ibu mundhut supaya kowe kirim layang ing ngomah sadurunge bali, wis angger andum slamet.

Ibumu

Sundari

2)      Layang saka putra marang wong tuwane

Sungkem Pangabekti Kula
Katur Bapak-Ibu Sumartono
Ing Surabaya

                 Nuwun, kanthi serat menika kula ngaturi priksa, bilih pikantuk berkah saking Gusti lan pangestu panjenengan sekaian kula tansah ginanjar wilujeng. Mugi bapak ibu sarta sadaya kulawarga ing ngriku makaten.
Kajawi saking menika, sarehne benjang wulan ngajeng menika sampun libur, mangka sekolah badhe ngawontenaken studi wisata ing Bandung tanggal 23 – 25 Juni 2010, pramila kula dereng saged wangsul. Malah manawi wonten dhanganing penggalih kula nyuwun tanbah kintunan sangu, dene biaya kangge studi wisata kula pendhetaken saking Tabanas.
Wasana namung menika ingkang dados atur kula, manawi wonten kalepatan nyuwun pangapunten. Sanget pangajeng-ajeng kula tumrap kintunan sangu. Matur nuwun.

Yogyakarta, 16 Mei 2010
Ingkang Putra

Dyah Wardani
5.    Layang Dhawuh               (Surat Perintah)
Ing jaman biyen isine parentah saka wong sing pangkate luwih dhuwur pangkate luwih cendhek marang andhahane.
Tuladhane :
Dhawuh Perintah Ageng Kepatihan Surakarta dhumateng Bupati ing Sragen, suka uninga :  1) ......................................................................................................
2)   ........................................................................................................
3)   .....................................................................................................
Dhawuh menika mugi kaestokna.
                                                                   Surakarta, 8 Juli 1910
                                                                   Pepatih dalem Surakarta Hadiningrat
K. Raden Adipati Joyonagoro

6.    Layang Payuran               (Surat Panyuwunan/Permohonan)
Layang paturan minangka kosok balene layang parentah. Layang paturan bisa ditegesi ature andhahan marang sesepuhe utawa wong sing pangkate luwih dhuwur.
Tuladhane :
Aturipun abdidalem Wedana ing Gondhang, ing Serat Parentah Kabupaten Sragen ngaturaken :
 1) ................................................................................................
2)   .................................................................................................
3)   ......................................................................................................