SÊNGKALAN
Wiwit
jaman kunå mulå wong-wong wis lumrah pådhå “mèngêrti wêktu” kang måwå kadadéan
utåwå lêlakon wigati kåyåtå : wêktu lairé bocah, gêblaké (patiné)
sanak-saduluré, wêktu ngêdêgaké omah, wêktu omah-omah (dadi pêngantèn), wêktu
ånå bêbåyå gêdhé (gunung njêbluk, banjir-bandhang; lindhu gêdhé, pêrang) lan
sapanunggalané.
Wong-wong
Jåwå ing jaman kunå manåwå “mèngêrti wêktu”, lumrahé cacahing taun ora
pinèngêtan nganggo ångkå nanging nganggo têtêmbungan utåwå gambar, yaiku kang
diarani sêngkalan.
Têmbung
sêngkalan iku asalé såkå têmbung śaka lan kāla. Śaka
utawi Çaka iku namaning bångså India. Śakakalā, yaiku rikalané
ånå golonganing ratu Śaka (Çaka) kang jumênêng ing
India sisih kidul, kang dipèngêti taun Śaka 1, ing taun Masèhi 78. Taun Śaka
lan taun Masèhi iku pådhå kang adhêdhasar étungan lampahing suryå. Taun Śaka
iku isih kanggo étungan ing Bali nganti têkan saiki.
Sêngakalan iku unèn-unèn kanggo pinèngêtan angkaning
taun. Caraning ngrasakaké sêngkalan iku bédå karo ngrasakaké ukårå kang lumrah,
yaiku kawiwitan såkå ékané, banjur dasan, atusan, lan éwon.
Mungguh prêluné pinèngêtan nganggo têtêmbungan utåwå ukårå (ora nganggo ångkå)
iku :
1. Olèhé
gawé pêngètan (sêngkalan) biså kalarasaké unèn-unèné karo bab utåwå lêlakon
kang pinèngêtan.
2. Gampang
diêling-êling, angèl laliné.
WUJUDING
SÊNGAKALAN ÅNÅ 2 YAIKU :
1.
Cåndrå
Sêngkalan
Diarani kåyå mangkéné
amargå unèn-unèn lan ukårå kang karakit ånå ing sajroning sêngkalan iku kanggo
têtêngêr taun Jåwå kang étungané manut lakuné rêmbulan. Rêmbulan témbung kawiné
Cåndrå.
2.
Suryå
Sêngkalan
Diarani kåyå mangkéné
amargå unèn-unèn lan ukårå kang karakit ånå ing sajroning sêngkalan iku kanggo
têtêngêr taun Masèhi kang étungané manut lakuné Srêngéngé. Srêngéngé têmbung
kawiné Suryå.
Étungan taun såkå
Jåwå iku wiwit digunakaké ing tlatah tanah Jåwå iku rikalané jaman Kraton
Mataram bêbarangan karo taun 1633 Masèhi tanggal kaping 8 sasi Juli lan
dirêsmèkaké bêbarêngan karo tanggap warså énggal Hijriyah 1503.
Sêngkalan kapérang dadi 3, ing
antarané :
1.
Sêngkalan
Låmbå
Diarani kåyå mangkéné
amargå wujud ukarané kang karakit awujud såkå têtêmbungan kang lumrah.
2.
Sêngkalan
Miring
Diarani kåyå mangkéné
amargå wujud ukårå kang karakit awujud têtêmbungan kang nduwèni têgês miring
såkå têtêmbungané sêngkalan.
3.
Sêngkalan
Mêmêt
Sêngkalan iki ora
awujud ukårå ananing awujud gambar, sêsunggingan rêcå, ukir-ukiran, lan
sapanunggalané.
Kang
kanggo ing sêngkalan iku têmbung-têmbung kang dianggêp nduwèni watak-wilangan.
Kanthi ringkês kapratélakaké ing ngisor iki :
1)
WATAK
SIJI
Barang
(péranganing anggané manungså utåwå kéwan) kang cacahé mung siji, barang kang
awanung bundêr, janmå manungså, kåyå déné:
siji,
tunggal, rupå, bumi, sasadårå, wulan, srêngéngé, êka, nabi, Gusti, måhå, budhå,
wong, ratu, urip, kartikå, putrå, kênyå, tyas, kalbu, sudirå, wani, Hyang,
jagad, måtå, ibu, lan sapanunggalané.
2)
WATAK
LORO
Barang kang cacahé mêsthi
loro. kåyå déné:
dwi, nétrå, karnå,
bujå, nêbah, swiwi, tangan, kêmbar, myat, kanthi, sungu, lan sapanunggalané.
3)
WATAK TELU
Barang-barang kang måwå
gêni. kåyå déné:
tri, agni, gêni,
dhahånå, gunå, jathå, kåyå, kadyå, kawruh, naut, widyå, pawåkå, lan sapanunggalané.
4)
WATAK
PAPAT
Têmbung-têmbung kang
nduwèni têgês “gawé”, barang-barang kang isi banyu. kåyå déné:
banyu, catur, dadi, hèr,
jaladri, nadi, sêgårå, samodrå, sindu, wahånå, warih, warnå, dadyå, suci, gawé,
tlågå, karyå, wêning, sumbêr, masih, tuk, bêning, waudi, sumur, udå, jawah,
bun, rêsik, wantah, ngumbah, kanggo, kartå, tasik, lan
sapanunggalané.
5)
WATAK
LIMÅ
Têmbung-têmbung kang
nduwèni têgês 5, kåyå déné:
Angin, marutå, astrå,
butå, gangsal, gati, indrå, pawånå, margané, pandhåwå, panca, samirånå, warayang,
yakså, wisikan, lungid, landhêp, galak, yakså, yaksi, lan sapanunggalané.
6)
WATAK
NÊNÊM
Araning råså, têmbung-têmbung
kang ngêmu suråså obah, kang atêgês “kåyå”, araning sadpådå. kåyå déné:
Sad, lêgi, lir, mångså,
nênêm, raras, madu, hartati, nåyå, gandrung, manis, obah, oyag, råså, rêtu,
sarkårå, tiktå, amlå, rinaras, kayu, wrêkså, wayang, lindhu, mångså, osik,
ilat, lan sapanunggalané.
7)
WATAK
PITU
Têmbung-têmbung
kang nduwèni têgês 7, kåyå déné:
Saptå, pancålå, ardi,
aswå, wiku, biksu, rêsi, rêdi, pitu, anitih, sukå, wêling, pandhitå, gunung,
giri, gorå, tungging, tinitihan, wulang, wasitå, yogi, swårå, sabdå, ajar,
dwijå, lan sapanunggalané.
8)
WATAK
WOLU
Araning kéwan
rumangkang (reptil), kåyå déné:
asthå, basu, brahmånå,
ulå, sawêr, murti, tanu, bajul, wêwolu, èswi, dwipånggå, dirådå, gajah,
kunjårå, liman, madyå, manggålå, taksåkå, sarpå, någå, salirå, dwipå, murti,
båyå, rupå, lan sapanunggalané.
9)
WATAK
SÅNGÅ
Barang-barang kang
dianggêp bolong. kåyå déné:
nåwå, déwå, babadan,
gapurå, kori, wiwårå, trus, arum, gåndå, kusumå, mukå, ambukå, rudrå, gåtrå, wangi,
kêmbang, putri, ambu, mbukak, lawang, mlompong, bêbakal, bablas, rai, lan sapanunggalané.
10)
WATAK
DAS (0)
Têmbung-têmbung
kang ngêmu suråså “ora ånå”, kang atêgês langit utåwå dhuwur. kåyå déné:
akåså,
bomå, adoh, gêgånå, langit, ilang, sirnå, murcå, musnå, sunyå, wiyat, mlêthik,
kombul, mukså, suwung, tanpå, swargå, oncat, muluk, mandhuwur, mati, rusak,
brasthå, lêbur, wurung, sêpi, rêmpêlu, wuk, nir, lan sapanunggalané.
Mungguh
pangrimbagé têmbung-têmbung kang kanggo ånå ing sêngkalan kanthi ngèlingi
“Guru” warnå wolu. Guru têgês : wêwaton, paugêran. Pathokan. Guru warnå wolu,
yaiku atêgês: wêwaton, paugêran, pathokan. Guru warnå wolu, yaiku:
1.
Guru Dåsånåmå
Têmbung kang pådhå
têgêsé dianggêp pådhå watak wilangané, kåyåtå : pratiwi, pratålå, bantålå,
kismå pådhå déné awatak siji.
2.
Guru Sastrå
Kang sastrané
(panulisé) pådhå, sanadyan têgêsé bédå. Watak wilangané dianggêp pådhå, kåyåtå
: èsthi kang atêgês sédyå, pådhå karo èsthi kang atêgês gajah, yaiku pådhå déné
awatak wolu.
3.
Guru Wandå
Kang nduwèni wanda kang
pådhå, watak wilangané kaanggêp pådhå, kåyåtå : dadi karo waudadi (sagårå), kaanggêp
pådhå watak wilangané, yaiku pådhå déné awatak papat.
4.
Guru Wargå
Kang nunggal sawargå
utåwå sagolongan, kaangêp pådhå watak wilangané, kåyå : ulå karo båyå pådhå
déné kalêbu golongan kéwan rumangkang (reptil),
kaanggêp watak wilangan pådhå, yaiku pådhå déné awatak wolu.
5.
Guru Karyå
Barang karo pakartiné
kaangêp pådhå watak wilangané, kåyåtå : mripat karo mandêng, kaangêp pådhå déné
awatak wilangan loro.
6.
Guru Sarånå
Sarånå utåwå piranti
kaangêp pådhå watak wilangané karo gunêman, kåyåtå : ilat karo råså, kaangêp
pådhê déné awatak wilangan nênêm.
7.
Guru Darwå
Barang karo sêsipatané
kaangêp pådhå watak wilangané, kåyåtå : gêni karo panas kaangêp pådhå déné
awatak têlu, sabab “panas” iku darwané “gêni”. utawa kang asipat panas iku gêni.
8.
Guru Jarwå
Têmbung karo jarwané
(maksudé “jarwå råså”) kaangêp pådhå watak wilangané, kåyåtå : rêtu karo gêgêr,
pådhå déné awatak wilangan nênêm.
TULADHÅ
SÊNGKALAN LÅMBÅ
1. Butå
Limå Någå Siji : 1855
2. Déwå
Sångå Salirå Tunggal : 1899
3. Rupå
Catur Déwå Siji : 1941
4. Sångå
Kudå Sudhå Candråmå : 1079
5. Api
Api Tangan Tunggal : 1233
6. Sångå
Yogå Kåyå Wong : 1349
7. Sang
Turanggå Pakså Wani : 1279
TULADHÅ
SÊNGKALAN MIRING
1. Lungiding
Wasitå Ambukå Bawånå : 1975 adêging SMA 2 Wonosobo
2. Pusakaning
Dwi Pujånggå Nyawiji : 1825 adêging Wanasaba
3. Sirna
Ilang Kêrtaning Bumi : 1400 bêdhah Måjåpait
4. Gêni
Mati Siniram Janmi : 1403 adêging Dêmak Bintårå
5. Panrus
Tingal Tataning Nabi : 1529 Suluk Wujil
6. Tåtå
Gunå Swarèng Nåtå : 1735 Sêrat Wulangrèh
7. Rêsi
Manuk Swasalirèng Budhi : 1809 Babad
Pågålårå
8. Wêninging
Urip Langiting Maèsi : 2014
TULADHÅ
SÊNGKALAN MÊMÊT
1. Ing
Candhi Sukuh ånå gambar kang awujud “sapi ingkang anyokot buntut” têgêsé gambar
iku “Goh Wiku Naut Butå” : 1378
2. Ing
gapurå Candhi Sukuh ånå gambar “rasêkså gaman daging” têgêsé gambar iku “Gapurå Butå Mangan Wong” : 1379
3. Ing
kraton Suråkartå ånå wêwujudan “någå ingkang katiti anjanmå” kang têgêsé “Någå Muluk Tiniti Anjanmå” : 1708
4. Wujud
panggung ing kraton Suråkartå kang sinêbut “panggung sånggåbuwånå” wujudé
panggung iku minångkå sêngkalan taun 1708.
5. Sêngkalan
mêmêt taun 1941 “Suryå Catur Wiwaraning
Jagad”
6. Sêngkalan
mêmêt kang diwåcå “Gêni Dadi Sucining Jagad”
sêngkalan iku minångkå têtêgêr ångkå taun 1422.
7. Sêngkalan
mêmêt liyané kang diwåcå “Nir Wuk Tanpå
Dalu”, sêngkalan iku minångkå têtêgêr ångkå taun 1784.
ð Wujudé
sêngkalan mêmêt liyané Dik Gajah
Tinunggangan Janmå
|
gambar
|
katrangan
|
watak
|
|
|
diwåcå
dik têgêsé padonan papat
(grånå/irung)
|
4
|
|
|
diwåcå
janmå (manungså)
kang
lagi numpak
|
1
7
|
|
|
kawåcå
gajah
|
8
|
Tidak ada komentar:
Posting Komentar