KASUSASTRAN
JÅWÅ
A.
CANGKRIMAN
Cangkriman itu
têtêmbungan utåwå unèn-unèn kang kudu dibatang maksudé. Têmbungé liyå capéyan
utåwå badhéan (bêdhékan). Cangkriman iku dipérang dadi 4, yaiku:
1.
Cangkriman
kang awujud têmbung wancahan/cêkakan
Cangkriman iki
awujud têmbung sing dicêkak utåwå diwancah.
Tuladhané:
1)
Pak bo létus : têpak
kêbo (ånå) léléné satus.
2) Wiwawité,
lêsbadhongé : uwi dåwå wité, talês åmbå godhongé.
3) Burnas
kopèn : bubur papas kokpèn.
2.
Cangkriman
kang awujud pêpindhan utåwå irib-iribing barang
Cangkriman iki awujud
irib-iriban/ mèmpêr utåwå pêpindhan.
Tuladhané:
1) Sêgå
sakêpêl dirubung tinggi (salak).
2) Êmboké
wudå anaké tapihan (pring lan bung).
3) Pitik
walik såbå kêbon (nanas).
3.
Cangkriman
kang awujud wantah
Cangkriman iki awujud
ukårå wancah/lumrah.
Tuladhané:
1) Dikêthok
såyå dhuwur, disambung såyå cêndhak (kathok).
2) Yèn
cilik dadi kåncå, yèn gêdhé dadi mungsuh (gêni).
3) Yèn
lali katut, yèn kèlingan kêri (sukêt dom-doman).
4.
Cangkriman
kang ngêmu suråså blèndèran.
Cangkriman iki ngêmu
suråså/têgês blèndèran utåwå plèsètan.
Tuladhané:
1) Wong
kêtiban durèn bakal sugih pari (pari karêpé paringisan amargå kêlaran).
2) Tulisané
Arab, macané såkå ngêndi? (såkå alas)
3) Saiki
ulå-ulå ora ånå sing mandi (ulå-ulå = balung ing gêgêr)
B.
WANGSALAN
Wangsalan yaiku
unèn-unèn saèmpêr cangkriman kanthi mratélakaké batangané utåwå têbusané sarånå
sinandi, liré olèhé mratélakaké batangané ora mêlok, ora dicêplosaké, mung
dipratélakaké (dituduhaké) sawandå luwih.
Wujudé
wangsalan ånå manékå warnå, nanging ånå sapérangan sing prêlu dimangêrtèni
yaiku :
1.
Wangsalan
Låmbå
Wangsalan låmbå
iku wangsalan kang mung isi batangan (têbusan) siji. Unèn-unèn wangsalan låmbå
mung saukårå kang kadadéan såkå rong gåtrå. Gåtrå kang ngarêp isi wangsalan,
gåtrå kang sing mburi isi batangané.
Tuladhané :
1) Pindhang
lulang, kacèk
åpå aku karo kowé.
>>
pindhang lulang = krècèk > kacèk
2) Klåpå
mudhå, yèn kalêgan paringånå ngapurå.
>> klåpå mudhå =
dêgan > kalêgan
3) Roning
mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.
>> ron (godhong)
mlinjo = so > ngaso
2.
Wangsalan
Rangkêp (Camboran)
Wangsalan rangkêp
iku wangsalan sing isi batangan luwih såkå siji. Unèn-unèné wangsalan rangkêp
kadadéan såkå rong ukårå, siji-sijiné ukårå kadadéan såkå rong gåtrå. Ukårå
sapisan isi wangsalan, ukårå kapindo isi batangané.
Tuladhané :
1) Jênang
sélå, wadêr kalèn sêsondhéran.
Apurantå,
yèn wontên lêpat kawulå.
>> jênang sélå =
apu > apurantå, wadêr kalèn = sêpat > lêpat
2) Kolik
priyå, priyagung Anjani Putrå.
Tuhu
éman, wong anom wêdi kangélan.
>> kolik priyå =
manuk tuhu > tuju éman, Anjani Putrå = Anoman > anom
3) Mricå
kêcut singgat toyå.
Sauniné wong sêngit anggrêgêtaké.
>> mricå kêcut =
wuni > sauniné, singgat toyå = ugêt-ugêt > anggrêgêtaké
3.
Wangsalan
Mêmêt
Wangsalan mêmêt
iku wangsalan sing carané nggolèki batangané sarånå ngoncèki maksudé
têtêmbungané ambal ping pindho.
Tuladhané :
1) Ulêr
kambang, yèn trimå alon-alon.
Oncèk-oncèkan kapisan:
ulêr kambang maksudé “lintah”.
Oncèk-oncèkan kapindho:
wandå “tah” ing têmbung “lintah”, dianggêp wancahané têmbung kang surasané
“alon-alon”, yaiku têmbung “satitahé”.
4.
Wangsalan
Padinan
Wangsalan padinan
iku ånå sing nganggo nyêbutaké batangané, lan ånå sing tanpå nyêbutaké
batangané, margå wong-wong sing pådhå ngrungu (måcå) dianggêp wis ngrêti
maksudé (batangané).
Tuladhané :
1) Wong
kaé sajatiné wis krungu kandhaku, nanging njangan gori.
>> maksudé
wangsalan “njangan gori” yaiku “gudhêg” > mbudhêg
2) Jênang
gulå, åjå
lali wêlingé wong tuwå.
>> maksudé
wangsalan “jênang gulå” yaiku “glali” > åjå lali
3) Balung
janur, kêrsåå paring usådå.
>> maksudé
wangsalan “balung janur” yaiku “sådå” > usådå
4) Kapi
jarwå dak pêthèk mångså luputå.
>> maksudé
wangsalan “kapi jarwå” yaiku “kêthèk” > pêthèk
5) Barêng
dak critani kok banjur ngrokok cêndhak.
>> maksudé
wangsalan “ngrokok cêndhak” yaiku “têgêsan” > nêgêsaké
5.
Wangsalan
Têmbang
Wangsalan têmbang
kang dianggo ing têmbang. Lumrahé kanggo sing panêmbrånå, arané umpak-umpak. Gérongan,
umpak-umpak, wangsalan ditêrusaké têmbang Kinanthi Sandhung utåwå Kinanthi
Subåkåståwå. Cacahing wandané lan tibaning swarané ing wêkasaning gatrané ora
tartamtu, sabab kawêngku ing guru-wilangan lan guru-laguning têmbang.
Guru-wilangan lan guru-laguning têmbang kudu tansah mênang, liré : ora kênå
owah, kudu tansah manut paugêran têmbang.
Tuladhané :
SINOM
Édané
wong kênèng gunå / ambathik sinambi nangis / malam wutah balabaran / gêni mati
muring-muring / prêmbéyan mrêbês mili / gawangan sinêndhal putung / yå talah tå
si kakang / puluh-puluh awak mami / pêtis manis wis kudu dadi pocapan.
Pêtis
manis = kécap > pocapan
6.
Wangsalan
èdi-pèni
Wangsalan èdi-pèni iku wangsalan
sing måwå paugêran :
1) Unèn-unèn
kadadèan såkå 2 ukårå (wangsalan rangkêp).
2) Sabên
saukårå kadadèan såkå 2 gåtrå (4 wandå + 8 wandå).
3) Ukårå
kang kapisan (yaiku kang isi wangsalan) måwå purwåkanthi guru-swårå lan purwåkanthi
guru-båså utåwå purwåkanthi-lumaksitå.
Tuladhané :
1) Têpi
wastrå, wastrå kang tumrap muståkå.
Mumpung mudhå, nggêngulanga ngikêt
båså.
>> têpi wastrå = kêmådhå >
mudhå, kang tumrap muståkå = ikêt > ngikêt
2) Ngrêkså
puspå, puspå nêdhêng mbabar gåndå.
Ngubah
båså, mrih mêkar
landhêping råså.
>> nggrêkså :
ngubah, puspå nêdhêng mbabar gåndå “ mêkar
Bédané
wangsalan karo parikan
Wangsalan iku måwå batangan,
parikan tanpå batangan.
Tuladhané :
|
a)
|
Cêngkir wungu, wunguné kêtiban
ndaru.
Wis pêsthimu, kowé pisah karo
aku.
|
|
Parikan, sabab tanpå
batangan
|
|
b)
|
Cêngkir wungu,
wunguné kêtiban ndaru.
Wis pêsthimu, kowé uwal karo aku.
|
|
Wangsalan, sabab måwå batangan
Cêngkir wungu maksudé “siwalan”
|
Carané ngarang wangsalan
Sing dikarang luwih dhisik, pérangan
buri (ukårå sing isi batangané). Banjur ngarang pérangan ngarêp (ukårå sing isi
wangsalané). Dadi ngarangé pérangan ngarêp (ukårå kang isi wangsalan) tibå
kari.
Tuladhané
:
Pårå
siswå, pinarêngnå manêmbråmå
1) Ukårå
ing dhuwur iku gatrané sing ngarêp (iyå iku “pårå siswå”) dijupuk sawandå sing
kênå (biså) dianggo wangsalan. Upamané wandå “wå”, dianggo wangsalan sing
batangané “låwå” sarånå unèn-unèn “kalong alit”.
Gatrané sing buri (iyå
iku “pinarêngnå manêmbråmå”) uga dijupuk sawandå, dipilih sing kênå (biså)
dianggo wangsalan. Upamané wandå “rêng”, dianggo wangsalan sing batangané “arêng”,
sarånå unèn-unèn “wrêkså sisaning dahånå”
Dadiné
wangsalan kang sampurnå banjur muni :
Kalong
alit, wrêkså sisaning dahånå.
Pårå
siswå, pinarêngnå manêmbråmå.
2) Gåtrå
sing ngarêp (iyå iku “pårå siswå”) dijupuk wandané “sis”, dianggo wangsalan
sing batangané “Nabi Sis” sarånå unèn-unèn “Putrå Adam”.
Gatrané sing buri (iyå
iku “pinarêngnå manêmbråmå”) dijupuk wandané “nêm”, dianggo wangsalan sing
batangané “nênêm”, sarånå unèn-unèn “wilangan catur lan kalih”
Dadiné wangsalan kang sampurnå banjur muni :
Adam putrå, wilangan catur lan kalih.
Pårå siswå, pinarêngnå
manêmbråmå.
|
C.
PARIKAN
1)
Kang
diarani parikan
Unèn-unèn måwå paugêran têlung
warnå, yaiku :
a) Kadadéan
såkå rong ukårå kang dhapukané nganggo purwakanthi guru-swårå.
b) Sabên
saukårå kadadéan såkå 2 gåtrå.
c) Ukårå
kapisan mung minångkå purwåkå, déné “ngêsé” utåwå “wosé” dumunung ing ukårå
kapindho.
2)
Gunané
purwåkå (ukårå kapisan) mung dianggo narik kawigatèné wong kang nêdyå
dikandhani utåwå dipituturi. Prêluné, supåyå ing sadurungé ukårå kang isi
“ngêsé” utåwå “wosé” dikandhakaké, wong sing nêdyå dikandhani wis katarik
atiné, satêmah banjur nggatèkaké marang “wosé kang baku” (ukårå kapindho) kang
satêmêné lagi arêp diucapaké. Margå nggatèkaké, biså ngrêti têmênan marang
maksudé ukårå kang isi “ngêsé” (ukårå kapindho).
3)
Manut
cacahing wandané, parikan iku kênå dipérang dadi têlu,
yaiku :
a)
Parikan
kang kadadéan såkå (4 wandå + 4 wandå) x 2
Tuladhané :
(1) Iwak
bandêng, durung wayu. (4 wandå + 4 wandå)
Priyå nggantêng, sugih
ngèlmu. (4 wandå + 4 wandå)
(2) Ngasah
arit, nganti landhêp. (4 wandå + 4 wandå)
Dadi murid, kudu srêgêp. (4 wandå + 4 wandå)
(3) Wajik
klêtik, gulå jåwå. (4 wandå + 4 wandå)
Luwih bêcik, sing prasåjå. (4 wandå + 4 wandå)
b)
Parikan
kang kadadéan såkå (4 wandå + 8 wandå) x 2
Tuladhané :
(1) Kêmbang
adas, sumêbar têngahing alas. (4 wandå + 8 wandå)
Tuwas tiwas, nglabuhi
wong ora waras. (4 wandå + 8 wandå)
(2) Kêmbang
arèn, sumêbar têpining kalèn. (4 wandå + 8 wandå)
Åjå dahwèn, yèn kowé kêpéngén kajèn. (4 wandå
+ 8 wandå)
c)
Parikan
kang kadadéan såkå (8 wandå + 8 wandå) x 2
Tuladhané :
(1) Ênting-ênting
gulå jåwå, sabungkus isiné sångå. (8 wandå + 8 wandå)
Ingatasé
pårå siswå, wajib sênêng nggugah båså. (8 wandå + 8 wandå)
(2) Sêgå
punar lawuh êmpal, sêgané pêngantèn anyar. (8 wandå + 8 wandå)
Dadi murid åjå nakal,
kudu ulah ati sabar. (8 wandå + 8 wandå)
4)
Carané
ngarang parikan
Sing dikarang luwih dhisik ukårå
kapindho, yaiku ukårå sing isi “ngêsé” utåwå “wosé”. Ukarané kadadéan såkå 4 wandå
+ 4 wandå, utåwå 4 wandå + 8 wandå, utåwå 8 wandå + 8 wandå.
Sawisé rampung pangarangé ukårå
kapindho, banjur ngarang ukårå kapisan, yaiku ukårå kang mung dianggo purwåkå.
Kèhing wandané pådhå karo ukårå kapindho, lan dhapukané kudu mujudaké
purwakanthi guru-swårå karo ukårå sing kapindho.
D.
PÊPINDHAN
Têmbung pêpindhan
asalé såkå têmbung linggå “pindhå” karangkêp purwané lan olèh panambang –an. Pindhå
atêgês : kåyå, dasamané : lir, péndah, kadi, kadyå, yayah. Sing diarani “pêpindhan”
iku unèn-unèn kang ngêmu suråså pêpadhan, irib-iriban, èmpêr-èmpêran. Dhapukaning
ukarané nganggo têmbung ‘pindhå’ utåwå ‘dasanamané’; tarkadhang tanpå têmbung ‘pindhå’
utåwå ‘dasanamané’, nanging ånå têmbungé andhahan kang ngêmu têgês ‘kåyå’.
Diarani ‘pêpindhan’,
amargå dhapukaning ukårå ngêmu suråså pêpindhan, irib-iriban, utåwå pêpadan.
Dadi sing luwih diwigatèkaké ‘dhapukanig ukårå’.
Tuladhané :
1)
Agung kåyå samodra rob.
2)
Alusé kåyå sutrå.
3)
Ayuné kåyå Dèwi Ratih.
4)
Bagusé kåyå Bathårå
Kåmåjåyå.
5)
Bédané kåyå bumi karo
langit.
6)
Galaké kåyå macan
manak.
7)
Grånå rungih pindhå
kêncånå pinatar.
8)
Kênèsé kåyå Dèwi
Srikandhi.
9)
Padhangé kåyå rahinå.
10) Pariné
lagi gumandhung.
Gumandhung = kåyå
gadhung, warnané ijo kåyå ijoné wit gadhung, yaiku pari ing salêbaré mratak.
11) Dhådhå
manuk = dhådhå sing mungal.
12) Pipané
mênyu = pipå kang awarnå irêng måwå bêlang-bêlang sêmu kuning kåyå pényu.
13) Rukuné
kåyå mimi lan mintunå.
14) Ruruhé
(lanang) kåyå Radèn Janåkå.
15) Ruruhé
(wadon) kåyå Sêmbadrå.
16) Sirahé
nggandhèn = kåyå gandhèn, yaiku ngarêp-buri maju.
17) Tulus
kajang.
Araning dondoman kang
arang bangêt, dadi kåyå déné traping tutusé kajang.
E.
PURWÅKANTHI
Purwå, atêgês : wiwitan.
Kanthi, atêgês : gandhèng, kåyå, nganggo,
migunakaké.
Purwåkanthi,
atêgês : nggandhèng kang wis kasêbut ånå ing purwå utåwå wiwitan. Maksudé:
pérangan kang buri nggandhèng kang wis kasêbut ånå ing pérangan wiwitan utåwå
purwå, utåwå kang wis kasêbut ånå ing pérangan ngarêp. Wondéné sing digandhèng
iku swarané utåwå aksarané, tarkadhang têmbungé.
Puwåkanthi iku ånå warnå têlu,
yaiku :
1.
Purwåkanthi
guru-swårå
Sarèhné pérangan
kang buri nggandhèng ‘swårå’ kang wis kasêbut ånå ing pérangan wiwitan utåwå
purwå, unèn-unèn iku diarani ‘purwåkanthi guru-swårå’, têgêsé : purwåkanthi
kang awêwaton utåwå paugêran ‘swårå’, sabab sing dikanthi utåwå sing digandhèng
‘swårå’.
Tuladhané :
1) Såpå
jujur, bakal luhur.
Ing pérangan kang
wiwitan utåwå ing pérangan ngarêp ånå swårå ur, yaiku ing têmbung ‘jujur’. Swårå
‘ur’ iku digandhèng déning pérangan kang buri, utåwå kasêbut manèh ånå ing
pérangan kang buri, yaiku têmbung ‘luhur’.
2) Ånå
awan, ånå pangan.
Ing pérangan kang
wiwitan utåwå ing pérangan ngarêp ånå swårå an, yaiku ing têmbung ‘awan’. Swårå
‘an’ iku digandhèng déning pérangan kang buri, utåwå kasêbut manèh ånå ing
pérangan kang buri, yaiku têmbung ‘pangan’.
3) Déså
måwå cårå, nêgårå måwå tåtå.
Ing pérangan kang
wiwitan utåwå ing pérangan ngarêp ånå swårå å, yaiku ing têmbung ‘måwå’. Swårå
‘å’ iku digandhèng déning pérangan kang buri, utåwå kasêbut manèh ånå ing
pérangan kang buri, yaiku têmbung ‘cårå’.
2.
Purwåkanthi
guru-sastrå
Sarèhné ing pérangan
kang buri nggandhèng ‘aksårå’ kang wis kasêbut ånå ing pérangan wiwitan utåwå
purwå/ngarêp, unèn-unèn iku diarani ‘purwåkanthi guru-sastrå’, têgêsé :
purwåkanthi kang awêwaton utåwå paugêran ‘sastrå’ utåwå ‘aksårå’.
Tuladhané :
1) Såpå
salah, mêsthi sèlèh.
Ing pérangan kang
wiwitan utåwå ing pérangan ngarêp ånå aksårå l, yaiku ing têmbung ‘salah’.
aksårå ‘l’ iku digandhèng ånå pérangan kang buri, utåwå kasêbut manèh ånå ing
pérangan kang buri, yaiku têmbung ‘sèlèh’.
2) Tindak
tanduk, tur kang kalantur.
Ing pérangan kang
wiwitan utåwå ing pérangan ngarêp ånå aksårå t, yaiku ing têmbung ‘tindak’.
aksårå ‘t’ iku digandhèng ånå pérangan kang buri, utåwå kasêbut manèh ånå ing
pérangan kang buri, yaiku têmbung ‘kalantur’.
3) Sluman,
slumun, slamêt.
Ing pérangan kang
wiwitan utåwå ing pérangan ngarêp ånå aksårå sl, yaiku ing têmbung ‘slumua’.
aksårå ‘sl’ iku digandhèng ånå pérangan kang buri, utåwå kasêbut manèh ånå ing
pérangan kang buri, yaiku têmbung ‘slumun, slamêt’.
3.
Purwåkanthi
lumaksitå (purwåkanthi båså)
Sarèhné ing
pérangan kang ånå ing buri nggandhèng ‘têmbung’ kang wis kasêbut ånå ing
pérangan wiwitan utåwå purwå/ngarêp ikumlaku utåwå lumaksitå unèn-unèn iku
diarani ‘purwåkanthi guru lumaksitå’.
Tuladhané :
1) Bayêm
ardå, ardané ngrasuk busånå.
Ing pérangan kang
ngarêp lan buri ånå têmbung ardå. Ing pangråså, têmbung ‘ardå’ iku mlaku utåwå
lumaksitå.
2) Janur
gunung, gunung ngêni lor Ngayojå.
Ing pérangan kang
ngarêp lan buri ånå têmbung gunung. Ing pangråså, têmbung ‘gunung’ iku mlaku
utåwå lumaksitå.
3) Jarwå
pintêr, pintêré satriyå ing Pringgodani.
Ing pérangan kang
ngarêp lan buri ånå têmbung pintêr. Ing pangråså, têmbung ‘pintêr’ iku mlaku
utåwå lumaksitå.
F.
GÊGURITAN
Têmbung
‘guritan’ linggané ‘gurit’, têgêsé : kidung utåwå têmbang. Ånå têmbung ‘gurit’
kang atêgês : tulisan awujud tatahan. Nggurit, atêgês ngriptå têmbang, kidung
utawa rêrêpèn, utåwå nglagokaké têmbang, ngidung utåwå ngrêrêpi.
Gêguritan iku puisi Jåwå anyar kang lumrahé kaangit kanggo
lantaran mbabaraké pikiran, prasaan, utåwå émogi kang ånå gandhèng cènèngé karo
kahanan sakiwå têngêné panggurit utåwå kahanan masarakat umumé kanthi dirakit
migunakaké båså kang padhêt lan éndah. Gêguritan iku mulå bukané såkå mantra,
dadi têmbang dadi gêguritan kunå.
Guritan kunå iku
kalêbu rumpakan kang måwå paugêran tartamtu (gumathok). Bédå karo gêguritan modern kang ora ånå pathokané manèh
nalikå nulis. Wondéné paugêrané guritan kunå mangkéné :
1. Cacahing
gatrané ora tartamtu, nanging lumrahé sathithiké 4 gåtrå.
2. Cacahing
wandané gåtrå siji karo sijiné ajêg pådhå kèhé.
3. Dhong-dinging
swårå ing kabèh wêkasané gåtrå kudu runtut, yaiku nganggo purwåkanthi
guru-swårå.
4. Sangarêpé
rêriptan kang diarani guritan, lumrahé nganggo bêbuka ‘Sun nggêgurit’. Nanging têmbungé
‘Sun nggêgurit’ mung siji, sanadyan olèhé ngarang biså ugå nganti pirang-pirang
guritan.
Titikané Gêguritan :
Ø Têtêmbungané
pilihan, atêgês ora mung waton migunakaké têmbung.
Ø Ora
kaikêt måwå paugêran kåyå déné têmbang måcåpat.
Ø Isiné
mêntês.
Ø Cacahé
larik ora katêmtokaké.
Ø Basané
kalêbu båså kang éndah, ora kåyå båså padinan.
Ø Arang-arang
nggunakaké têmbung pangikêt.
Ø Lumrahé
ngandharaké isèn-isèn atiné panganggit.
Ø Kadhangkålå
nganggo lêléwaning båså (gaya
bahasa/style) kanggo nambah kaéndahané.
Ø Sajak
pungkasan bébas nanging asring migunakaké purwåkanthi.
Carané nulis gêguritan :
Ø Milih
tema utåmå minångkå undêrané rêmbug.
Upamané : religius, katrêsnan, patriotisme, kaéndahan, pangorbanan, kritik sosial, lsp.
Ø Ngêtokaké
sakabèhing råså pangråså kang lagi disandhang.
Ø Wiwit
nulis saukårå mbåkå saukårå supåyå runtut sing dikarêpaké.
Ø Disokaké
kabèh rasané supåyå kabèh biså kapacak ugå tuntas
isi gêguritané.
Ø Mênèhi
irah-irahan kang jumbuh karo isi/tema-né
gêguritan.
Carané måcå gêguritan :
Ø Måcå
gêguritan kang bênêr yaiku kanthi wiråmå kang éndah, ngrêsêpaké, tindak-tanduké
wong sing måcå kudu trêp karo wataké gêguritan sing diwåcå. Yèn susah yå kudu
dilakokaké susah, yèn sênêng ugå kudu dilakokaké kanthi sênêng, macané ugå kudu
sênêng déné yèn grêgêt kudu yå grêgêd ugå. Tindak-tanduké nêlakaké manunggaling
råså karo isiné tulisan.
Ø Bab
kang kudu dimangêrtèni ing gêguritan yaiku :
v Njarwakaké yaiku
nêgêsi têmbung-têmbung kang angèl, kudu runtut manut urut-urutaning larikan
(gåtrå) têmbang utåwå suntingan
gêguritan kang cumêpak.
v Nggancaraké yaiku
ndadèkaké dhapur båså lumrah utåwå båså kang ora kaikêt ing guru gåtrå, guru lagu,
lan guru wilangan. Anggoné nêgêsi têmbung-têmbung angèl ora prêlu urut såkå
gåtrå wiwitan. Namung kudu ora owah isiné.
v Nggarbå
yaiku ngowahi kanthi nggarbå utåwå nyêkak andharané. Dadi namung dijupuk
wosé/isiné/intiné waé.
v Ånå
manèh jinisé gêguritan gagrag lawas kang asring sinêbut Purwåkanthi.
Tuladhané guritan kunå :
Sun nggêgurit ......
I. Kaanan
jaman saiki
sipat pêmudhå-pêmudhi
srawungané såyå ndadi
rakêt wêwékané sêpi
tan kadi duk jaman
nguni
srawung sarwå
ngati-ati.
II. Yèn
manut wasitèng kunå
priyå srawung lan
wanitå
gampang kêtaman
panggodhå
nêrak ing laku susilå
têmah darbé jênêng ålå
Wasanané tibèng påpå
Adhêdhasar
dhapukaing ukårå lan pangikêting têmbung, warnå-warnå araning gêguritan kåyå
ing ngisor iki.
1.
Syair
rong gåtrå sapådå = gita dwi gåtrå.
2.
Syair
têlung gåtrå sapådå = gita tri gåtrå.
3.
Syair
patang gåtrå sapådå = gita catur
gåtrå.
4.
Syair
limang gåtrå sapådå = gita påncå
gåtrå.
5.
Syair
nêm gåtrå sapådå = gita sad gåtrå.
6.
Syair
pitung gåtrå sapådå = gita saptå
gåtrå.
7.
Syair
wolung gåtrå sapådå = gita hasthå
gåtrå.
8.
Syair
sangang gåtrå sapådå = gita nåwå
gåtrå.
9.
Syair-syair
dapur sonata.
10. Syair bebas.
Bab kang awrat såkå gêguritan
yaiku:
1. Tema
Tema
yaiku ide baku utåwå pikiran baku
kang dadi dhasaré gêguritan.
2. Pamilihané
têmbung utåwå diksi
Diksi
iku dudu mung pamilihané têmbung-têmbung kang dianggo ing gêguritan iku,
nanging ugå prakårå gaya bahasa. Gaya bahasa iku prakårå
kêpriyé nulis lan nggunakaké têmbung-têmbung kanthi éndah lan mêrkarakaké cocog
orané têmbung, frasa, lan klausa kanggo nggambaraké kahanan
tartamtu.
3. Sarånå
retorika
Sarånå retorika yaiku alat kanggo ngungkapaké åpå kang arêp diandharaké ånå ing gêguritan
iku.
4. Amanat
utåwå pêsên kanggo pêpéling marang wong kang måcå.
Tuladhané gêguritan modern :
Kêcêlik
Dak
kirå dudu
Jêbul
pancèn dudu
Pandulu
klawu
Panyånå
klèru
Pandulu
durung mêsthi bênêr
Kêrêp
ugå kêblingêr
Panyånå
mung pangirå-irå
Kêrêp
ugå slêncå
Dak
kirå yå
Jêbul
sulåyå
Kêrêp
nêmoni cuwå
Kang
mathuk
Dak
kirå sarujuk
Aku
mèlu mathuk
Jêbul
mung pangglêmbuké bathuk
Dak
kirå bêcik
Jêbul
aku kêcêlik
(Kêlompok Studi Sastra Jepara, Mayong, Januari 2011)
G.
CARITÅ
Caritå wujude
ånå loro yaiku caritå fiksi (dongèng)
lan caritå non fiksi. Caritå fiksi yaiku
caritå sing ngåyåwårå, dirékå-rékå anané, mulå bisa diarani dongèng, yèn
dikéråtå båså ‘dipaido yå kênèng’.
1.
Wujudé
caritå fiksi/dongèng
1)
Fabel
Fabel
yaiku dongèng kéwan sing biså wawan gunêm kåyå manungså.
Tuladhané
: Kancil karo Båyå, Singå Barong karo
Tikus, Kancil Nyolong Timun, lan sapanunggalané.
2)
Mite
Mite yaiku dongèng sing ånå
sêsambungané karo roh, alam gaib.
Tuladhané : Nyi Roro Kidul, Pêthité Nyai Blorong, Thuyul, Gêndrowo Kulon Déså, lan
sapanunggalané.
3)
Legenda
Legenda yaiku dongèng mulå
bukané dumadining panggonan utåwå barang.
Tuladhané : Dumadiné Råwå Pêning, Tangkuban Prau, lan sapanunggalané.
2.
Wujudé
caritå non fiksi
1)
Hikayat
Hikayat
yaiku caritå bab lêlakon paragané.
Tuladhané : Hikayat Hang Tuah, Hikayat Gadjah Mada, Hikayat Bahtiar, lan
sapanunggalané.
2)
Babad
Babad
yaiku caritå sing ånå bukti nyatané, nanging ugå ditambahi caritå sing
ngåyåwårå.
Tuladhané : Babad Tanah Jawi. Babad Mataram, Babad Kartåsurå, lan
sapanunggalané.
3)
Sêjarah
Sêjarah yaiku
caritå sing ånå bukti nyatané.
Tuladhané : Sêjarah Måjåpait, Sêjarah Dêmak, Sêjarah Kraton Ngayogyåkartå, lan
sapanunggalané.
4)
Roman
Roman
yaiku caritå sing nggambaraké uriping wong wiwit lahir nganti mati. Jinising
warnå-warnå kåyåtå : Roman adat, Roman sosial, Roman detektif, lan
sapanunggalané.
Tuladhané : Sri Kuning, Antêping Wanitå,
Antêping Tékad. Kapilut Godhaning Sétan, Trêsnå Abåyå Pati.
H.
PUJÅNGGÅ
LAN ANGGITANÉ
1.
Pujånggå
Pujanggå utåwå
kawitånå, kawindrå, kawiwårå utåwå kawiswårå (ing bab Kasusastran Jåwå) iku kasinungan
kalimpadan warnå wolu, yaiku :
1) Paramèngsastrå,
ahli ing bab sastrå, ahli båså.
2) Paramèngkawi,
ahli ing bab rêriptan, ahli ngarang.
3) Awicaritå,
limpad ndongèng utåwå caritå kang nêngsêmaké.
4) Mardåwå-lagu,
pintêr bab têmbang lan gêndhing. Mardåwå = alus.
5) Mardåwå-båså,
ahli bab migunakaké båså kang ngrêsêpaké, kang njalari trênyuhing ati, kang
mahanani gêmbirå, kang nênangi sih-wilåså lan sapanunggalané.
6) Måndrågunå,
wasis bangêt bab kagunan.
7) Nawungkridhå,
alus pangrasané nganti biså nanggapi krêntêging atiné wong liyå.
8) Sambégånå,
utåmå bangêt (uripé).
Grêbané,
pujånggå iku kasinungan kaluwihan : pinunjul lair-batiné. Liré : kawruhé kabudayan-lair
wis pinunjul (‘nyêdhaki sampurnå’), ing bab kabudayan-batin ugå pêng-pêngan.
Sarèhné wis batos panggiluté kabudayan-batin, pujånggå iku lumrahé biså ngrungu
àkàçawàkya utåwå àkàçaçabda (swårå ing langit, swaraning logos) kang njalari pujånggå iku biså nganggit layang ‘jångkå’,
yaiku layang kang isi pamêca kadadéan utåwå kaanan kang bakal klakon. Wong sing
kasinungan kaluwihan mangkono iku têmbungé lumrah diarani sidik utåwå wêruh
sadurungé winarah.
Sêmono dhuwuring
ukurané Pujånggå kasusastran Jåwå. Jalaran såkå iku, ing kalangan bångså Jåwå,
ora akèh wong kang sinêbut pujånggå. Ing sasédané R. Ng. Rånggåwarsitå, nganti
saiki ora ånå pujånggå Jåwå. Dadi R. Ng. Rånggåwarsitå iku kênå diarani
Pujånggå Jåwå kang wêkasan.
2.
Anggitané
Pårå Pujånggå
1)
Jaman
Hindu
v Rêsi Abiyasa
: Mahābhārata utåwå Asthadasaparwa, abåså Sangsêkêrta, anané
ing tanah Jåwå bêbarêngan karo ngajawané bangsa Indhu. Dadi Rêsi Abiyasa (Wiyasa)
iku Pujånggå bångså Indhu.
v Rêsi Walmiki
: Rāmāyana, abåså Sangsêkêrta,
lumêbuné ing tanah Jåwå ugå bêbarêngan karo ngajawané bångså Indhu. Rêsi
Walmiki iku ugå pujånggå bångså Indhu.
v Prabu Darmawangsa-Těguh
(Ratu Jåwå-Wétan 991-1007) : njarwakaké Mahābhārata
nganti 9 parwa, yaiku Ādiparwa, Sabaparwa, Wirāthaparwa, Udyogaparwa,
Bhişmaparwa, Āśramawāsanaparwa, Mosalaparwa,
Prasthānikaparwa, lan Swargarohanaparwa. (Parwa = péragan). Kajåbå
såkå iku Sang Prabu iyå njarwakaké sapérangan buku Rāmāyana-Walmiki, diarani buku Uttarakāndha.
v Ĕmpu Kanwa
: Arjunawiwāha (jaman Prabu Èrlanga
1019-1042), pêthikan såkå Mahābhārata
parwa III (dijarwakaké).
v Ĕmpu Triguna
: Krsņāyana (jaman Kêdiri
1104), isiné Krêsnå mbradat Dèwi Rukmini.
v Ĕmpu Manoguna
: Sumanasåntaka (jaman Prabu
Warsajaya Kêdiri
1104), isiné nyritakaké lairé Dasarata ing
Ayodya.
v Ĕmpu Sĕdah
: Bhāratayuda (jaman Prabu Jayabaya
Kêdhiri 1135-1157).
v Ĕmpu Panuluh
: Gathutkacāśraya lan Hadiwangśa (jaman Prabu Kĕrtajaya Kêdhiri
taun 1183).
v Ĕmpu Darmaja
: Smaradahana (jaman Prabu Kaméswara
Kêdhiri 1115-1130).
v Tan Akung
: Wŗttasaňcaya lan Lubdaka (jaman Kêdhiri wêkasan).
2)
Jaman
Måjåpait
v Ĕmpu Prapanca
ngarang Nāgarakŗtāgama.
v Ĕmpu Tantular
ngarang Arjunawijaya lan Sutasoma utåwå Porusādaśānta.
3)
Jaman
Islam (Jaman Dêmak lan Pajang)
v Sunan Bonang
: Suluk Wujil
v Sunan Panggung
: Suluk Malangsumirang.
v Pangéran Karanggayam
: Nitisruti.
4)
Jaman
Mataram
v Sultan Agung
: Nitipråjå, Sastrågêndhing.
v Pangéran Adilangu
: Babad Pajajaran, Babad Måjåpait, Babad Pajang, Babad Mataram.
v Carik Båjrå
: Damarwulan (sinawung ing têmbang), Babad Kartåsurå.
v Rånggåjanur
: Prånåcitrå, Dèwi Rêngganis.
v Sunan Pakubuwånå IV
: Wulang-rèh, Wulang-sunu.
v Sunan Pakubuwånå V
: Sêrat Centhini.
v Radèn Ngabèi Yåsådipurå
I (Yåsådipurå Tus Pajang) : Cêbolèk, Babad Pakêpung, Babad Gyanti, Sêrat Råmå, Sêrat Déwaruci, Ambiyå, Tajusalatin, Joharmanik, Nawawi, Bustam, Wulang-séwåkå, Sêrat Panitisastrå, Sêrat Lokåpålå.
v Radèn Ngabèi Yåsådipurå
II (Radèn Tumênggung Sastrånagårå) : Sasånåsunu, Wicåråkêras.
v Radèn Ngabèi
Sindusastrå : Arjunåsåsråbau
(babon Sêrat Kåndhå), Partåyagnyå
(lampahan Partåkråmå), Srikandhi Maguru Manah, Sumbådrå Larung.
v K.G.P.A.A Mangkunagårå
IV : Wédhåtåmå,
Buratwangi, Sêndhonlangênswårå, Panêmbråmå,
Tripåmå, Salokåtåmå, Wiråwiyåtå, Rêrêpèn.
v Radèn Ngabèi
Rånggåwarsitå : Jayèngbåyå, Widyåpradånå,
Suluk Hidayatjati, Jåyåbåyå, Purwakaning Sêrat Pawukon, Puståkåråjåpurwå, Rêrêpèn Sêkar Têngahan, Sêjarah Parisawuli, Uran-uran
Sêkar Gambuh Warni 7, Panitisastrå,
Baråtåyudå Jarwå Sêkar Måcåpat, Cåkråwarti, Sidåwakyå, Pawarsakan, Darmåsårånå, Yudåyånå, Budåyånå, Puståkåråjåmadyå, Ajipamåså,
Witåradyå, Ajidarmå, Pambêganing Nåtå Binathårå,
Kålåtidhå, Sariwahånå, Purusangkårå,
Wédhåyatmåkå, Wédhårågå, Cêmporèt, Wirid, Paråmåyogå, Jåkålodhang, Sabdåtåmå, Sabdåjati.
v P. Kusumådilågå
: Sêrat Balé Si Gålå-gålå, Jagal Bilåwå, Kartåpiyogå (Éndhang Wrêdiningsih), Jålådårå Rabi, Kurupati Rabi, Sêrat Sastråmirudå,.
5)
Jaman
Abab XX
v Ki Padmåsusastrå :
Tåtåcårå, Pathibåså, Påråmåbåså,
Warnåbåså, Urabsari, Durcåråharjå, Rangsang Tuban.
v Mas Ngabèi Mangunwijåyå
: Purwåkanthi,
Trilaksitå, Jiwandånå, Asmårålåyå, Lambangpråjå, Wuryålocitå, Gitå-gati.
v Radèn Ngabèi
Sindupranåtå : Sawursari.
v Radèn Ngabèi
Sastråkusumå : Dongèng
Kunå.
v Radèn Tumênggung
Tåndhånågårå : Pêpéling,
Baruklinthing.
v Radèn Mas Suryåsupartå (K.G.P.A.A
Mangunågårå VII) : Kêkésahan saking Tanah Jawi dhatêng Nagari Walandi.
v Radèn Mas Sulardi :
Riyantå, Sarwantå.
v Radèn Bråtåkésåwå :
Candråsêngkålå.
v Wiradad :
Calonarang
v Mas Sukir : Abimanyu-Kèrêm
v Sastråsutarmå :
Bancak-Doyok Mbarang Jantur.
v Mas Somåsêntikå :
Butå Locånå
v C. F. Wintêr :
Sêrat Saridin, Baoésastrå Djawi, Bêbasan lan Salokå.
v W. J. S. Purwådarmintå :
Pamardi Kawi, Baoésastrå Djåwå, Sarining Påråmåsastrå.
v Prof. Dr. Purbatjaraka :
Calonarang, Déwå Ruci, Suluk Wujil.
6)
Jaman
Kamardikan – Saiki
a)
Wujud
Roman
v R. M. Sri Hadijåyå :
Jodho Kang Pinasthi, Gêrilya Solo, Tugas
Luhur.
v Widi Widayati :
Kaliput Godhaning Sétan, Trêsnå Abåyåpati,
Suluk Gunting Tatu Loro.
v Ani Asmara :
Antêping Wanitå.
v R. Harjåwirågå :
Sri Kuning.
v A. G. Suharti :
Antêping Tékad.
b)
Wujud
Critå Cêkak
v Widi Widayati :
Umbul Pêngging
v Dhanu Priyo Prabowo :
Bandung Båndåwåså, Panêmbahann Sénopati
(dongèng bocah).
c)
Wujud
Gêguritan
v Suhindriyo :
Baluwarti Kunå, Bimå Lukar, Wayah
Srêngéngé Mlêtèk.
v Krishna Miharja :
Langit Pasar, Kori, Urip Iki, Nalikå
Tangi.
v Turiyo Ragilputrå :
Badhar, Aku Kangên, Têmbang Grimis, Têmbangan.
v Yan Tohari :
Muksa, Wêngi Putih, Dadi Sapu Gêrang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar